settings icon
share icon
Pitaken

Sinten semahipun Kain?

Wangsulan


Kitab Suci boten mratelakaken kanthi cetha sinten semahipun Kain punika. Wangsulan ingkang boten mokal bilih semahipun Kain inggih punika rayinipun utawi kepenakanipun utawi wayah-kepenakanipun, lan sapanunggilanipun. Kitab Suci boten nyerat pinten yuswanipun Kain nalika piyambakipun mejahi Abil (Purwaning Dumadi 4:8). Kain kaliyan Abil kekalihipun punika tani, mbok menawi sampun diwasa, mbok menawi ugi kaliyan kulawarganipun. Adam kaliyan Hawa temtunipun sampun gadhah lare malih kejawi Kain lan Abil ing wekdal Abil dipunpejahi. (Purwaning Dumadi 5:4). Kasunyatan bilih Kain rumaos ajrih bab gesangipun sasampunipun mejahi Abil (Purwaning Dumadi 4:14) mratandhani bilih mbok menawi wonten kathah lare sanes lan mbok menawi malah putu utawi buyutipun Adam lan Hawa ing wekdal punika. Semahipun Kain (Purwaning Dumadi 4:17) inggih punika lare utawi putu estrinipun Adam lan Hawa.

Awit (namung) Adam lan Hawa manungsa ingkang wiwitan, para larenipun boten gadhah pilihan sanes kajawi jejodhoan ing salebeting kulawarga. Gusti boten ngawisi jejodhoan ing salebeting kulawarga ngantos mangke menawi sampun cekap kathah tiyang satemah nenikahan ing salebeting kulawarga boten perlu malih (Kaimaman 18: 6-18). Dasaripun nenikahan ing salebeting kulawarga asring nuwuhaken keturunan ingkang cacat tumrap lare-lare punika menawi tiyang kalih saking keturunan ingkang sami (contonipun sadherek jaler lan estri) gadhah turunan. Cacating keturunanipun mbok menawi langkung kathah awit kekalih tiyang sepuhipun gadhah cacat piyambak-piyambak. Menawi tiyang saking kulawarga ingkang benten gadhah turun, sanget mokal bilih kekalih tiyang sepuhipun badhe gadhah cacat turunan ingkang sami. Paugeran keturunan manungsa sampun sansaya mindhak “dipun regedi” nglangkungi abad minangka cacat turunan ingkang makaping-kaping, katambahan, sarta kawarisaken mangandhap saking keturunan dhateng keturunan salajengipun. Adam kaliyan Hawa boten gadhah cacat turunan satemah Adam kaliyan Hawa sarta turunipun ingkang sepisan nggadhahi kawontenan langkung sae ing bab kesehatan katimbang ingkang kita alami ing wekdal punika. Mbok menawi inggih wonten sawetawis cacat turunan, ananging taksih sae tumrap jejodhoan ing salebeting kulawarga. Ketingalipun aneh menawi kamanah bilih semahipun Kain punika rayinipun piyambak. Gusti ingkang miwiti mbangun kulawarga Adam (satunggaling tiyang jaler) kaliyan Hawa (satunggaling tiyang estri), pramila turunipun (keturunan ingkang kaping kalih) boten gadhah pilihan kajawi jejodhoan ing antawisipun tiyang-tiyang kala wau piyambak.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Sinten Semahipun Kain Punika? Punapa Semahipun Kain Punika Rayi Estrinipun?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries