Pitaken
Punapa Gusti Punika Wonten? Punapa Wonten Bukti Kawontenanipun Gusti?
Wangsulan
Kawontenanipun Gusti boten saged dipunbuktikaken. Kitab Suci mulang bilih kita sedaya kedah nampi fakta kawontenanipun Gusti kanthi pracaya, “Nanging manawa tanpa pracaya mokal yen ndadekake keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsane Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengane” (Ibrani 11:6). Manawi Gusti Allah ngersakaken, Panjenenganipun saged miyos kanthi gampil sarta mbuktekaken dhateng salumahing jagad bilih Panjenenganipun saestu wonten. Nanging manawi makaten, kapitadosan punika boten badhe kabetahaken malih. “Pangandilane Gusti Yesus: ‘Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng nanging kumandel’” (Yokanan 20:29).
Nanging, bab punika boten ateges, menawi boten wonten bukti babagan kawontenanipun Gusti. Kitab Suci nyariosaken, “Langit nyaritakake kamulyaning Allah, sarta akasa mratelakake yeyasaning astane; rina ngluberake pawarta iku ganti-gumanti, lan wayah bengi medharake kawruh ganti-gumanti. Ora ana pawarta lan ora ana tembung, ora keprungu swarane” (Jabur 19:1-4). Sumangga panjenengan mirsani lintang-lintang, mangertosi bab jembaring jaga punika, ngamat-amati endahing jagad, ningali endahing suruping surya -- sedaya punika mratelakaken kawontenanipun Gusti Kang Nitahake. Manawi punika dereng cekap, ugi cetha wontenipun Gusti Allah ing salebeting manah kita piyambak. Kohelet 3:11 nyariosaken dhateng kita, "... malah atine padha kaparingan kalanggengan..." Ing diri kita piyambak wonten pengaken wontenipun samubarang ingkang nglangkungi gesang uga pribadi ingkang nglangkungi jagad punika. Kita saged mbantah seserepan punika kanthi intelektual, nanging kawontenanipun Gusti wonten ing nglebet lan sakiwa-tengen kita, langkung cetha. Senadyan makoten, Kitab Suci mulang bilih taksih badhe wonten tiyang ingkang mbantah kawontenanipun Gusti Allah: “wong punggung mosik ing sajroning atine, ‘ora ana Allah’.” (Jabur 14: 1). Awit mayoritas tiyang ing saindenging sajarah, ing sedaya kabudhayan, uga ing saindengin donya pitados dhateng kawontenanipun Gusti Allah, sakmesthinipun wonten samubarang ingkang nyebabaken kapitadosan punika.
Kajawi pamanah alkitabiah babagan kewontenanipun Gusti, wonten pamanah logis. Kaping pisan, pamanah ontologis (yektos) babagan filsafat kawontenan lan kasunyatan ingkang kedah ditimbang. Wujud paling umum saking pamanah ontologis punika ngginakaken konsep Gusti kangge mbuktikaken kewontenanipun Gusti. Punika dipurwakani kaliyan pangertosan bilih Gusti punika “pribadi ingkang paling ageng ingkang boten wonten tandinganipun." Lajeng dipunginemaken menawi kawontenan punika langkung ageng tinimbang boten wonten, pramila pribadi ingkang paling ageng punika kedah wonten. Menawi Gusti boten wonten, mila Gusti boten badhe dados pribadi paling ageng ingkang sanguh dipunbayanganken, uga punika badhe nglawan kaliyan definisi Gusti.
Ingkang kaping kalih inggih punika pamanah teleologis, inggih punika piwucal babagan sipatipun samubarang miturut tujuan utawi titahipun. Pamanah teleologis nyariosaken bilih jagad punika saking wiwitanipun ngatingalaken satunggaling rancangan ingkang endah pramila mesthi wonten satunggaling Perancang ingkang ilahi. Contonipun, manawi bumi punika langkung celak utawi langkung tebih saking srengenge, punika boten badhe saged nyanggi kathahipun gesanging kados dene sakmenika. Manawi kawontenan ing atmosfir punika benten sakedhik kemawon, pramila meh sedaya mahluk ingkang gesang wonten ing jagad punika badhe nemu ing pati. Kira-kira saking molekul protein tunggal kabentuk sacara acak inggih punika 1:10243 (punika 1 dipun kantheni dening 243 angka ‘nol’). Setunggaling sel tunggal punika awujud saking mayuta-yuta molekul protein.
Pamanah ingkang kaping telu tumrap wontenipun Gusti inggih punika kasebat pamanah kosmologis. Saben pituwas mesthi wonten sebabipun. Pramila kedah wonten sebab ingkang ngasilaken kawontenaning samubarang punika. Inggih kedah wontening faktor ingkang “tanpa-sebab”, inggih ingkang ngasilaken samubarang kalawau. Bab ingkang “tanpa-sebab” inggih punika Gusti Allah.
Pamanah ingkang kaping sekawan inggih punika pamanah kasusilan. Saben kabudayan nglangkungi sejarah nggadhahi bentuki hukum piyambak-piyambak. Saben tiyang gadhah pangraos bab leres lan lepat. Mejahi, ngapusi, nyolong, sarta tumindak tanpa kasusilan sacara umum badhe dipunsingkiri. Saking pundi pangraos leres lan lepat punika manawi boten saking Gusti ingkang Maha Suci?
Kitab Suci ugi nyariosaken dhumateng kita sedaya menawi manungsa badhe mbucal seserepan bab Gusti Allah ingkang boten saged kaselaki lan malah nglironi kayektosipun Gusti kalawan barang pulasa. Rum 1:25 mratelakaken, “Awitdene iya padha nglironi kayektene Gusti Allah kalawan barang pulasan, padha ngluhurake sarta ngabekti marang pepadhanging tumitah, nglalekaken marang kang nitahake, kang mesthine padha pinuji puji ing salawas-lawase. Amin.” Kitab suci ugi mratelakaken bilih manungsa boten gadhah dasar anggenipun boten pitados ing Gusti, “Awitdene kang ora katingal ana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kang langgeng lan kaallahane, iku wiwit dumadine jagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane, satemah wong-wong padha ora bisa diarani tanpa kaluputan” (Rum 1:20).
Manungsa ngugemi bilih panjenenganipun boten pitados ing Gusti Allah amargi “boten ilmiah” utawi “amargi boten wonten buktinipun.” Naning ingkang leres nalika manungsa ngakeni kawontenaning Gusti, piyambakipun inggih kedah ngakeni bilih piyambakipun gadhah tanggung jawab dhumateng Gusti Allah lan mbetahaken pangapuntenan saking Gusti Allah (Rum 3:23; 6:23). Manawi Gusti Allah punika wonten, lajeng kita kedah maringi tanggung jawab dhumateng samubarang ingkang sampun kita tindakaken dhumateng Panjenenganipun. Manawi Gusti Allah boten wonten, lajeng kita saged tumindak punapa kemawon ingkang kita kepengini tanpa kuwatos bab paukumaning Gusti Allah dhumateng kita. Pramila kathah ingkang boten pitados bilih Gusti punika wonten, nyepeng pamanah evolusi natural, amargi pamanah punikanyukani manungsa pilihan bab kapitadosan tumrap Gusti Allah ingkang nitahaken samubarang. Gusti Allah wonten lan wekasanipun sadaya tiyang sumerep bilih Panjenenganipun punika wonten. Kasunyatanipun bilih sawetawis tiyang ingkang nyelaki wontenipun Gusti Allah punika saleresipun arupi satunggaling tanggapan tumrap wontenipun Gusti Allah.
Keparenga kula ngaturi satunggal tanggapan ingkang pungkasan tumrap wontenipun Gusti Allah. Kados pundi kita sumerep bilih Gusti Allah punika wonten? Kita sumerep bilih Gusti Allah punika wonten awit kita matur dhumateng Panjenenganipun saben dinten. Kita boten mirengaken suwantenipun Gusti paring wangsulan dhateng kita, nanging kita saged ngraosaken peparingipun, kita ngraosaken panuntunipun, kita ngraosaken sihipun Gusti dhumateng kita, kita kepengin pikantuk panglipuranipun. Bab-bab ingkang sampun kelampahan ing gesang kita boten badhe pikantuk katerangan sanes kajawi saking Gusti Allah. Gusti Allah sampun sacara endah sanget anggenipun paring karahayon lan nulungi gesang kita satemah kita namung saged ngakeni lan memuji kawontenanipung Gusti. Boten wonten satunggal pamanah punika ingkang saged ngunjuk-unjuki manungsa ingkang boten ngakeni samubarang ingkang sampun cetha. Pungkasanipun, wontenipun Gusti Allah kedah katampi sarana kapitadosan (Ibrani 11:6). Kapitadosan ing Gusti punika sanes untung-untungan ingkang ngawur, nanging punika inggih minangka langkah ingkang aman kangge mlebet dhumateng panggenan ingkang terang, ing pundi kathah tiyang sampun makempal.
English
Punapa Gusti Punika Wonten? Punapa Wonten Bukti Kawontenanipun Gusti?