Pitaken
Punapa Gesang Sasampunipun Pejah Punika Wonten?
Wangsulan
Punapa gesang sasampunipun pejah punika wonten? Kitab Suci nyuraosi kita wonten ing Ayub 14:1-2,14 mekaten, “Manungsa ingkang lair saking tiyang estri, celak umuripun, tuwuk ing kasisahan, mekar kadosdene sekar lajeng alum, icalipun kados wewayangan, boten saged lestantun. Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih? Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng salaminipun kawula nglampahi kangelan, ngantos dumugi ing giliran kawula.”
Kados dene Ayub, kathah ingkang sampun katantang dening pitaken punika. Saktenanipun, kawontenan kados punapa ingkang kita lampahi sasampunipun pejah? Punapa kita saged ngendelaken gesang kita kanthi gampil? Punapa gesang punika kados dene kori ingkang mubeng, tiyang sami dhateng lan kesah wonten ing jagad supados saged nggayuh karahayon? Punapa sadaya tiyang badhe tumuju wonteng ing panggenan ingkang sami, punapa tumuju ing panggenan ingkang benten? Punapa swarga lan neraka punika saestu wonten, utawi namung wonten ing pikiran kita?
Kitab Suci ngandika dhumateng kita sedaya bilih boten namung wonten gesang sasampunipun pejah, nanging uga gesang langgeng ingkang mulya inggih punika, “Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa: kabeh kang wus kacawisake dening Gusti Allah marang kang padha nresnani Panjenengane iku” (1 Korinta 2:9).
Yesus Kristus, Gusti ingkang sampun dados manungsa, kersa rawuh ing jagad lan maringi kita gesang langgeng punika. “Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarta marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras.” (Yesaya 53:5).
Yesus nanggel paukuman kita sedaya uga ngurbanaken nyawanipun dados tebusan dhumateng kita sedaya. Tigang dinten sasampunipun, Panjenenganipun nelakaken kamenanganipun saking pati sarana wungu saking antaranipun tiyang pejah, ing salebeting Roh lan kadagingan. Panjenenganipun netep wonten ing jagad sekawandasa dinten lan kaseksen dening ewon tiyang, saderengipun miyos dhateng dalemipun ingkang langgeng wonten ing swarga. Rum 4:25 nyariosaken, “yaiku Gusti Yesus kang wus kaulungake awit saka panerak kita, sarta kawungokake awit saka anggon kita padha kabenerake” (Rum 4:25).
Wungunipun Sang Kristus punika perkawis ingkang kacathet kanthi sae sanget. Rasul Paulus nantang para tiyang sarana maringi pitaken bab para seksi tumrap kaleresanipun, lan boten wonten satunggal kemawon ingkang saged nelakaken kapitadosanipun. Wungunipun Gusti Yesus punika inggih landesan kapitadosanipun tiyang Kristen; amargi Kristus sampun wungu saking pati, kita saged gadhah kapitadosan bilih kita, ugi, badhe katangekaken. Wungunipun Sang Kristus dumados bukti ingkang utami bilih wonten kagesangan saksampunipun manungsa pejah. Kristus dados wiwitaning asiling panen ingkang agung ing antawisipun tiyang ingkang badhe katangekaken supados gesang malih. Pejah sacara badaniah dhateng langkung satunggal tiyang, Adam, saking sinten kita sadaya kasambetan. Nanging ingkang murugaken sadaya sampun kapundhut dados kulawarganing Gusti Allah lumantar kapitadosan ing Yesus Kristus badhe kaparingan gesang enggal (1 Korinta 15:20-22). Sami kados Rama wonten ing swarga mungokaken saliranipun Gusti Yesus, makaten ugi badan kita sedaya dipuntangekaken manawi Gusti Yesus wangsul malih datheng ndonya (1 Korinta 6:14).
Sanajan wekasanipun kita sadaya badhe katangekaken, nanging boten saben tiyang saged sesarengan lumebet wonten ing swarga. Pilihan tetep kedah katetapaken dening pribadi kita piyambak ing salebeting gesang punika kangge nemtokaken ing pundi mangke kita badhe nampi gesang kalanggengan. Kitab Suci nyuraosaken bilih sampun katetepaken tumrap kita sedaya bilih badhe pejah namung kaping sapisan, lan sasampunipun punika badhe wonten pangadilan (Ibrani 9:27). Sok sintena ingkang sampun nindakaken kaluhuraning budi badhe lumebet ing kalanggenganing gesang ing swarga, nanging tiyang ingkang boten pitados badhe lumebet wonten ing kalanggenganing paukuman, utawi neraka (Mateus 25:46).
Sami kaliyan swarga, neraka boten namung wonten ing pratelan kemawon, nanging kasunyatan, lan saestu-saestu panggenan nyata. Panggenan ing pundi kasangsaran badhe kaalami tanpa kendhat, dukaning Gusti Allah kang langgeng. Para tiyang wau badhe nahan pangraos, mental, lan panyiksaning badan, ngraosaken kasangsaran saking raos isin, getun, lan jijik. Neraka katerangaken kadosdene luweng ingkang tanpa dasar (Lukas 8:31, Wahyu 9:1), lan segantening latu, mbakar mawi welirang, ing pundi warganing jagad badhe nglampahi dinten panyiksan sarta dalu salami-laminipun (Wahyu 20:10). Wonten ing salebeting neraka, badhe wontenipun panangis lan keroting untu, dados pratanda kasusahan lan murka ingkang sanget (Mateus 13:42).
Gusti Allah boten rena kaliyan kapejahan tiyang lamis, nanging Panjenenganipun ngersakaken para tiyang lamis saged mratobat saking tumindakipun ingkang awon satemah saged nampi gesang (Yeheskiel 33:11). Nanging Panjenenganipun boten badhe meksa kita supados miturut; manawi kita milih nolak Panjenenganipun, Panjenenganipun nampeni keputusan kita sedaya katur gesang langgeng sapih saking Panjenengane. Gesang ing jagad punika satunggaling ujian cecawisan kangge ing wekdal ngajeng. Tumrap tiyang pitados, gesang langgeng punika wonten ing sacelakipun Gusti Allah.
Lajeng kados pundi kita kaleresaken uga saged nampeni gesang langgeng punika? Namung wonten satunggal margi lumantar kapitadosan sarta kayakinan wonten ing Putraning Gusti, Yesus Kristus. Gusti Yesus tumuli ngandika, “Iya Aku ini patangen lan kauripan, sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase. Kowe apa pracaya marang iku?” (Yokanan 11:25-26).
Peparing gesang langgeng punika kasadiyakaken kangge sadaya tiyang, “Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah” (Yokanan 3:36).
Kita boten badhe kaparingan wekdal kangge mratobat saking dosa kita sasampunipun seda. Kawontenan kita sasampunipun pejah ditetepaken nalika kita gesang wonten ing jagad dening pracaya punapa boten dhumateng Gusti Yesus Kristus. “Satemen-temene, iya wektu iki wektu kang ngremenake iku; iya dina iki dinane karahayon iku.” (2 Korinta 6:2).
Menawi kita sedaya mitadosi bilih sedanipun Gusti Yesus Kristus saged mbayar dosa kita sedaya, kita boten namung badhe nglampahi gesang ingkang nggadahi artos ing donya, nanging ugi gesang langgeng saksampunipun pejah wonten ing ngarsanipun Sang Kristus ingkang Maha Agung.
Menawi panjenengan kersa nampi Yesus Kristus dados Juruwilujeng panjenengan, punika wonten satunggaling conto pandonga. Panjenengan kedah ngengeti bilih pandonga punika utawi pandonga sanesipun mboten bade damel wilujenging panjenengan. Namung kapitadosan wonten ing Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa. Pandonga punika inggih namung satunggaling cara kangge mratelakaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan pamatur nuwun tumprap kawilujengan peparingipun Gusti.
“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”
Punapa panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” wonten ing ngandhap punika.
English
Punapa Gesang Sasampunipun Pejah Punika Wonten?