settings icon
share icon
Pitaken

Punapa sato-kewan saged lumebet ing Swarga?

Wangsulan


Kitab Suci boten maringi piwucal ingkang rinci bab punapa sato-kewan gadhah roh utawi punapa sato-kewan badhe mlebet ing swarga. Nanging kita saged mendhet sawetawis dhasar saking Kitab Suci ingkang umum lan paring tandha ing babagan ingkang pokok. Kitab Suci mratelakaken bilih kekalihipun manungsa (Purwaning Dumadi 2:7) lan sato-kewan (Purwaning Dumadi 1:30; 6:17; 7:15, 22) ndarbeni napasing gesang. Bentenipun ingkang utami antawisipun manungsa lan kewan inggih punika bilih manungsa katitahaken mirip gambar lan pasemonipun Sang Yehuwah (Purwaning Dumadi 1:26-27). Sato-kewan boten dipun damel mirip gambar lan pasemonipun Gusti. Dipun yasa mirip gambar lan pasemonipun Gusti tegesipun bilih manungsa punika dipunciptakaken kadosdene Sang Yehuwah, ndarbeni kaunggulan karohanen, dalah pikiran, pangraos, lan pepenginan sarta ndarbeni satunggaling kawontenaning lajengan sasampunipun pejah. Menawi sato-kewan saestu gadhah roh utawi kasawang sanes kados rajabrana, mila mesthi benten sarta langkung andhap mutunipun. Benten punika mbok menawi tegesipun bilih roh sato-kewan boten wonten lajenganipun sasampunipun pejah.

Babagan sanes kangge nenimbang ing pitakenan punika inggih punika bilih Gusti sampun nitahaken sato-kewan minangka bagian saking lelampahaning pakaryanipun wonten ing Purwaning Dumadi. Gusti nitahaken sato-kewan sarta ngandika sedayanipun sampun prayogi (Purwaning Dumadi 1:25). Ewa semanten, boten wonten alasanipun kenging punapa boten wonten malih sato-kewan wonten ing bumi enggal (Wahyu 21:1). Mesthi badhe wonten sato-kewan sadangunipun pamarintahan sewu tahun (Yesaya 11:6; 65:25). Mokal menawi nyariosaken bab ingkang mesthi punapa sawetawis saking sato-kewan punika mbok bilih ingon-ingon ingkang saged kita darbeni ing bumi mriki. Kita mangertos bilih Gusti punika adil sarta bilih manawi kita lumebet ing Swarga kita badhe manggihi diri kita wonten ing salebeting prajanji ingkang sampurna kaliyan pancasanipun Gusti ing bab punika, punapa kemawon ingkang badhe kadadosan.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Sato-kewan Saged Lumebet ing Swarga? Punapa Sato-kewan Gadhah Roh?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries