settings icon
share icon
Pitaken

Kadospundi Pangandikanipun Kitab Suci Babagan Pegatan lan Nenikahan Malih?

Wangsulan


Purwakanipun, punapa kemawon ingkang dipunterangaken babagan pegatan, kita kedah mengeti punapa ingkang dipun wucal wonten ing Maleakhi 2:16a: “Awit Ingsun sengit marang pegatan, mangkono pangandikane Pangeran Yahuwah, Gusti Allahe Israel.” Miturut Kitab Suci, Gusti ngrancang bilih nenikahan punika dados prasetya salamining gesang. “Mulane wus mari dadi loro, mung siji. Awit soko iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa” (Mateus 19:6). Gusti pirsa bilih pegatan saged kadadosan, awit jejodhoan punika nggathukaken kalih manungsa ingkang kebak dosa. Ing Prajanjian Lawas, Panjenenganipun maringi sawetawis angger-angger supados ngayomi wewenangipun tiyang ingkang dipun pegat, mliginipun wanita (Pangandharing Toret 24:1-4). Gusti Yesus nerangaken bilih angger-angger punika kaparingaken awit wangkoting manahipun manungsa, boten awit kersanipun Gusti (Mateus 19:8).

Bebantahan babagan pegatan lan nenikahan malih dipun dasaraken miturut ayat ing Mateus 5:32 lan 19:9. Tembung “kajaba menawa bojone laku jina” punika namung satunggal-satunggalipun perkawis ingkang dipuncariosaken Kitab Suci ingkang dipunijinaken nglampahi pegatan/pepisahan lan nenikahan malih. Kathah penapsir ingkang mangertosi babagan “pangecualian” kala wau namung dipuntujukaken dhumateng laku jina wonten ing mangsa pacangan. Wonten ing adat Yahudi, pria lan wanita dipunanggep nikah malah samangsa taksih tunangan. Laku jina wonten ing mangsa tunangan punika ingkang dados satunggal-satunggalipun dhasar kangge pepisahan.

Ananing, tembung Yunani ingkang kategesaken laku jina punika tembung ingkang saged ateges sawetawis bentuk panerak wewalering seksual. Tembung punika saged ateges jina, sundel, lan sapanunggalanipun. Gusti Yesus mbok menawi ngandika bilih pegatan dipunijinaken menawi panerak wewalering seksual punika dipun tindakaken. Sesambetan seksual punika perangan ingkang lumrah wonten ing babagan sesemahan “loro-lorone padha dadi daging siji” (Purwaning Dumadi 2:24; Mateus 19:5; Efesus 5:31). Mila saking punika, medhot sesambetan awit sesambetan seksual ingkang kalampahan boten ing sajroning sesemahan saged dados dedhasar tumrap pegatan.

Menawi makaten, Gusti Yesus ugi sampun mratelakaken babagan nenikahan malih. Tembung “banjur rabi karo wong wadon liyane” (Mateus 19:9) nedahaken bilih pegatan lan nenikahan malih dipunijini ing salebeting “prakawis pengecualian”. Kedah dipun mangertosi bilih namung tiyang ingkang boten lepat ingkang dipunijinaken nenikahan malih. Sanadyan punika boten kapratelakaken wonten seratan, kalonggaran tumrap nenikahan malih sasampunipun pegatan punika awit kamirahanipun Gusti tumrap tiyang ingkang sampun nglampahi dosa, sanes karana tiyang punika sampun nerak wewalering seksual. Mbok menawi wonten contoh sanesipun babagan “pihak ingkang lepat” punika kaijinaken nenikahan malih, ananging sanes makaten pangertosan ingkang dipun wucalaken ing seratan punika.

Sawetawis tiyang nganggep 1 Korinta 7:15 minangka “prakawis pengecualian” sanesipun ingkang ngijinaken nenikahan malih menawi semah ingkang dereng pitados dhumateng Gusti megat tiyang ingkang sampun pitados. Ananing sejatinipun seratan punika boten nyebutaken nenikahan malih, inggih namung mucal bilih tiyang pitados boten kaiket dening angger-anggeripun nenikahan menawi semahipun ingkang dereng pitados kepengin nilaraken. Pratelan sanesipun bilih tumindak wengis (dhumateng semah utawi lare) punika dhasar ingkang sah kangge pegatan, namung babagan punika boten kacathet ing Kitab Suci.

Prakawis ingkang asring dipunlalekaken wonten ing bebantahan babagan “prakawis pengecualian” wau inggih bilih punapa kemawon perkawis ingkang kedadean, punika namung ijin kangge pepisahan, sanes sarat pepisahan punika piyambak. Malah nalika jina dipun tindakaken dening pasangan, karana kamirahanipun Gusti, pasangan wau saged maringi pangapunten lan mbangun malih anggenipun sesemahan. Gusti sampun paring pangapunten dhateng kita sakalangkung kathah. Kedahipun kita saged nuladani contonipun sarta malah ngapunten dosa jina (Efesus 4:32). Nanging, ing kathah prakawis, pasangan ingkang sampun tumindak nyeleweng boten ngakeni dosanipun malah nglajengaken panerak wewaler seksual. Karana saking punika Mateus 19:9 mbok manawi saged dipun ginakaken. Kathah tiyang ingkang sakalangkung cepet nenikahan malih sasampunipun pegatan, ananing Gusti marengaken panjenenganipun tetep piyambakan. Gusti kadang kala nimbali tiyang gesang piyambakan satemah pamigatosipun boten kabagi-bagi (1 Korinta 7:32-35). Nenikahan malih sasampunipun pegatan mbok menawi pilihan ing salebeting sawetawis kawontenan, nanging punika boten ateges satunggal-satunggalipun pilihan.

Punika kawontenan ingkang awrat bilih angka pegatan ing antawisipun tiyang ingkang ngakeni Kristen meh sami inggilipun kaliyan tiyang ingkang boten pitados. Kitab Suci nyerat kanthi cetha sanget bilih Gusti sengit dhateng pegatan (Maleakhi 2:16) lan bilih rujuk sarta pangapunten kedah dados ciri gesangipun tiyang pitados (Lukas 11:4; Efesus 4:32). Ewa samanten, Gusti ngakeni bilih pegatan punika badhe kadadosan, malah ing antawisipun para putranipun Sang Yehuwah Gusti. Tiyang pitados ingkang pegatan lan/utawi nenikahan malih kedahipun boten rumaos kirang dipun tresnani dening Gusti, malah menawi sami pegatan lan/utawi nenikahan malih boten dipun ayomi ing sangandhaping perangan kawontenan ingkang dipun bentenaken ingkang pinanggih ing nalar saking Mateus 19:9. Gusti asring migunakaken malah tiyang Kristen ingkang dosa boten miturut kangge nyampurnakaken kasaenan ingkang mulya.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kadospundi Pangandikanipun Kitab Suci Babagan Pegatan lan Nenikahan Malih?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries