Kados pundi panyawanganipun tiyang Kristen bab tumindak nglalu?




Pitaken: Kados pundi panyawanganipun tiyang Kristen bab tumindak nglalu? Kados pundi pangandikanipun Gusti bab nglalu?

Wangsulan:
Miturut Kitab Suci, tiyang ingkang tumindak nglalu kuwi boten nemtokaken menapa panjenengane mlebet swarga napa boten. Menawi tiyang ingkang boten pitados tumindak nglalu, kahanan punika badhe “nglancaraken” lakune tumuju ing neraka utawa segara geni. Tiyang ingkang tumindak nglalu wekasanipun mlebet neraka, boten amargi tumindak nglalu ananging amargi boten nampi keslametan saka Sang Kristus. Kitab Suci nyebutaken kanthi cetha babagan tiyang sekawan ingkang tumindak nglalu, inggih punika Saul (1 Samuel 31:4), Ahithophel (2 Samuel 17:23), Zimri (1 Para Raja 16:18), sarta Yudas (Matius 27:5). Saben tiyang wau awon, kebak dosa. Miturut Kitab Suci tumindak nglalu punika sami kaliyan mateni dhirinipun pribadi. Gusti ingkang kagungan panguwaos nemtokaken kapan wektunipun lan kanthi cara ingkang kados pundi manungsa bakal mati. Menawa manungsa ndamel keputusan piyambak kanthi mateni dhirinipun pribadi, tumindak punika ateges nyenyamah Gusti Allah.

Kados pundi pangandikanipun Gusti menawa tiyang Kristen nglalu? Kitab Suci nerangake nenawa tiyang ingkang pitados dhumateng Sang Kristus kanthi gumolonging ati badhe nggadhahi gesang langgeng (Yokhanan 3:16). Miturut Kitab Suci, tiyang Kristen boten perlu mangu-mangu awit nggadhahi gesang langgeng. “Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng”(1 Yokhanan 5:13). Boten wonten ingkang saged misahake tiyang Kristen saking sihing Gusti. “Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat utawa para panguwasa, kang saiki utawa kang bakal ana, apa para panguwasa ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing sang Kristus Yesus Gusti kita” (Rum 8:38-39). Menawi boten wonten “mitah” ingkang saged megatake tiyang Kristen saking sihe Gusti, tiyang Kristen ingkang tumindak nglalu punika iya satunggalipun “mitah”, pramila nglalu boten saged megatake tiyang Kristen saking sihe Gusti Allah. Gusti Yesus seda tumrap sakabehing dosa kita. Menawa tiyang Kristen atine nembe nglentrih katumpuh ing prakara terus nglalu, tumindak punika dosa awit Gusti Yesus sampun seda tumrap dosa iku.

Boten dipuncariosaken bilih nglalu iku sanes dosa ingkang nglawan Gusti Allah. Kitab Suci nerangake menawa nglalu punika memateni lan punika tumindak dosa. Menawa setunggal tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus tumindak nglalu, ateges kapercayanipun durung tenan-tenan. Boten wonten kahanan ingkang mbenerake menawa tiyang Kristen nemtokaken gesangipun piyambak. Tiyang Kristen katimbalan supaya uripe kagem Gustine. Perkara besuk mati iku kersane Gusti. Mbok menawa kanggo nggambarake tiyang Kristen ingkang tumindak nglalu, bisa kapethik saking kitab Ester. Ing Persia ana angger-angger menawa wonten tiyang ingkang sowan sang raja tanpa ditimbali, tiyang punika saged kaukum mati kejaba menawa raja ngacungaken tongkat lambing panguwasane marang wong iku minangka sih piwelas. Nglalu tumrapipun tiyang Kristen sami kemawon kaliyan meksa supados saged pinanggih Sang Raja, kamangka kedahipun ngenteni Panjenenganipun nimbali. Panjenenganipun badhe ngacungake tongkat lambing panguwasane tumrap tiyang Kristen, nglestarikake keslametan kang wis diparingake, nanging ora ateges menawa Panjenengane sarujuk ing sadhengah urip kita. Ayat Kitab Suci saka 1 Korinta 3:15 mbokmenawa uga bisa nerangake bab nglalu “Manawa garapane kobong, wong iku bakal kapitunan, nanging awake dhewe bakal kapitulungan rahayu, mung bae patrape kaya mentas saka geni.”



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kados pundi panyawanganipun tiyang Kristen bab tumindak nglalu? Kados pundi pangandikanipun Gusti bab nglalu?