Menawi kula mlebet Kristen, kaluwarga kula boten ngakeni kula uga kula badhe kasiksa sanget ing kabudayan kula. Lajeng punapa ingkang kedah kula tindakaken?




Pitaken: Menawi kula mlebet Kristen, kaluwarga kula boten ngakeni kula uga kula badhe kasiksa sanget ing kabudayan kula. Lajeng punapa ingkang kedah kula tindakaken?

Wangsulan:
Angel tumrap tiyang pitados ingkang gesang ing satengahipun bangsa ing pundi kamardikaning agama dados satunggaling dasar kabudayan, kangge mangertos sacara cetha pangurbanan ingkang kedah kabayar awit ndherek Sang Kristus ing bagian sanes saking jagad punika. Kitab Suci, kados pundi kemawon punika Sabdanipun Gusti lan, makaten, kalebet ing mriku pangertosan tumrap sedaya pacobaning gesang sarta panggodha, tanpa migatosaken wekdal lan papan. Gusti Yesus ndadosaken bab punika cetha bilih ingkang dherek Panjenenganipun punika mila awis sarta ngandhut resiko. Kanyatanipun, punika nggantos sedaya bab karugen kita. Ingkang kapisan, punika nggantos diri kita piyambak. Gusti Yesus tumuli nimbali wong akeh karo para sakabate sarta padha dipangandikani mangkene: "Saben wong kang arep ngetut buri Aku, iku nyingkura marang awake dhewe, ngangkata salibe lan melua Aku” (Markus 8:34). Salib punika satunggaling pirantining pepejah lan Gusti Yesus sampun damel gamblang bilih saben tiyang ingkang ngetut wingking Panjenenganipun tegesipun mejahi piyambak. Sedaya pepenginaning kadonyan uga pangangen-angen kita kedah kasalibaken satemah kita saged nggayuh gesang enggal wonten ing Panjenenganipun, awit boten wonten tiyang ingkang saged ngabdi dhateng kalih bendara (Lukas 16:13). Nanging gesang enggal punika langkung agung lan langkung aji katimbang sedaya samukawis ingkang saged kita gayuh ing jagad punika.

Kaping kalih, punika saged mundhati kulawarga lan mitra kita. Gusti Yesus nerangaken wonten Mateus 10:32-39 bilih Panjenenganipun badhe rawuh ngasta bagian antawisipun para pandherekipun uga kulawarganipun, awit wonten tiyang ingkang boten sengit, (tegesipun kirang nresnani) kulawarganipun punika boten pantes dados pandherekipun. Menawi kita nampik Sang Kristus kangge njagi katentreman ing satengahipun kaluwarga sacara kadonyan, Panjenenganipun badi nampik kita ing swarga, sarta manawi Gusti Yesus nampik kita, kita badhe kawedalaken saking swarga. Nanging menawi kita ngakeni saderengipun tiyang, tanpa nuwuhaken apresiasi pribadhi, kita badhe micanten dhateng Sang Rama, “tiyang punika pandherek kula, keparenga piyambakipun lumebet ing kraton Paduka.” Gesang langgeng punika “mutiara ingkang adi sanget” wonten ing Matius 13:44-45 ingkang aosipun damel ndarbeni sedaya samukawis. Boten sae nggegem prakawis ing salebeting gesang ingkang cekak lan enggal kapengkeraken sarta kecalan kalanggengan. “Apa gunane wong oleh jagad iki kabeh, nanging kelangan nyawane?” (Markus 8:36). Kadosdene Jim Elliot, satunggaling pakabar injil ingkang kapejahi awit martosaken Sang Kristus dhateng suku Indian Huaorani ing Ecuador, nyariosaken, “Piyambakipun sanes tiyang bodho ingkang nyukani punapa ingkang boten saged terus-menerus dipun gayuh ingkang boten saged dipun culaken.”

Gusti Yesus ugi njlentrehaken bilih panyiksan karana Sariranipun boten saged kaselaki. Panjenenganipun ngagengaken manah kita supados nganggep sedaya punika minangka bagian ingkang lumrah tumrap para sakabate, sarta nyawisaken manah tumrap panyiksan punika. Panjenenganipun malah nyebat panyiksan punika “kaberkahan” uga mangandika dhumateng kita supados “bebingah lan asukarena awit ganjaran ing swarga ingkang ageng” (Matius 5:10-12). Panjenenganipun ngengetaken kita bilih para pandherekipun mesthi kasiksa. Para nabi ing Prajanjian Lawas sampun kasiksa, kacamah, kasiksa, kapejahi lan ing satunggaling prastawa kageraji dados kalih! (Ibrani 11:37) Sedaya Rasul (kajawi Yokhanan ingkang kabucal ing Pulau Patmos) kaukum pejah awit martosaken Sang Kristus. Tradisi nyebataken bilih Petrus nuntut supados kasalib kaliyan sirah ing ngandap awit piyambakipun rumaos boten pantes menawi pejah mawi cara ingkang sami kaliyan Gustinipun. Nanging Petrus nyerat ing seratipun ingkang kapisan “Rahayu kowe, manawa kowe padha diwewada marga saka asmane Gusti Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohing Allah dumunung ana ing kowe” (1 Petrus 4:14). Rasul Paulus dipunkunjara, kagebagi, uga kabenturi sela makaping-kaping awit martosaken Sang Kristus, nanging piyambakipun nenimbang kasangsaranipun malah boten wonten ajinipun manawi kabandhingaken kaliyan kabingahan ingkang sampun kasumurupi badhe nengga piyambakipun (Rum 8:18).

Sauntawis panyaur minangka murid katingalipun mbok menawi awis, wonten ganjaran kadonyan kados dene ganjaran kaswargan, Gusti Yesus sampun prasetya badhe tansah nganthi kita, malah ngantos pungkasaning gesang kita (Matius 28:20); Panjenenganipun badhe boten nate nilar kita utawi nyupekaken kita (Ibrani 13:5); Panjenenganipun pirsa kasedhihan lan kasangsaran kita, panandhang sangsaranipun Gusti Yesus karana kita (1Petrus 2:21); katresnanipun dhumateng kita boten ngantos telas, sarta Panjenenganipun boten badhe maringi ujian tumrap kita ngungkuli kakiyatan kita sarta badhe tansah maringi margi supados kita saged medal saking karubedan (1 Korintus 10:13). Menawi kita ngajeng-aken pangrangkuling Sang Kristus ing salebeting kulawarga utawi kabudayan kita, kita dados kulawarganipun Gusti Yehuwah lan kita lajeng dados dutaning Gusti tumrap tiyang-tiyang ingkang kita kasihi ing jagad. Makaten ugi, kita mugi dadosa sarananing Gusti ingkang sae ingkang kaginakaken kangge narik tiyang sanes dhumateng Gusti Allah, maringi kita kabingahan nglangkungi sedaya prakawis ingkang saged kita gambaraken.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Menawi kula mlebet Kristen, kaluwarga kula boten ngakeni kula uga kula badhe kasiksa sanget ing kabudayan kula. Lajeng punapa ingkang kedah kula tindakaken?