settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Ingkang Badhe Kadadosan Sasampunipun Pejah?

Wangsulan


Pitaken babagan punapa ingkang badhe kadadosan sasampunipun pejah mbok manawi mbingungaken. Kitab Suci boten sacara teges nyethakaken babagan benjang punapa tiyang badhe nggayuh pungkasaning tujuanipun ingkang langgeng. Kitab Suci mratelakaken dhateng kita bilih sasampunipun pejah, tiyang kabekta dhateng Swarga utawi Neraka alambaran punapa tiyang kalawau sampun nampeni Kristus minangka Juru Wilujengipun. Tumrap tiyang pitados, sasampunipun pejah badhe nilaraken badanipun lan makempal kaliyan Gusti Allah (2 Korinta 5:6-8; Filipi 1:23). Tumrap tiyang boten pitados, sasampunipun pejah ateges paukuman ingkang tanpa kendhat wonten ing Neraka (Lukas 16:22-23).

Babagan punapa ingkang badhe kadadosan sasampunipun pejah punika perkawis ingkang saged damel bingung. Wahyu 20:11-15 nerangaken sadaya ingkang wonten ing Neraka badhe kabucal ing segara latu. Wahyu babagan 21-22 nerangaken babagan Langit Anyar lan Bumi Anyar. Mila saking punika, katingalipun bilih ngantos pungkasaning patangen, sasampunipun pejah tiyang dipun panggenaken wonten ing Swarga lan Neraka sauntawis wekdal. Tujuan ingkang langgeng saking tiyang punika boten badhe kalintu, nanging “panggenan” ingkang leres saking tujuan ingkang langgeng tiyang punika ingkang badhe kalintoni. Ing wekdal ingkang katemtokaken sasampunipun pejah, tiyang pitados badhe kakintun dhateng Swarga Anyar sarta Bumi Anyar (Wahyu 21:1). Ing wekdal ingkang katemtokaken sasampunipun pejah, tiyang boten pitados badhe kauncalaken wonten ing segantening geni (Wahyu 20:11-15). Punika pungkasanipun, tujuan kalanggenganing sadaya tiyang. Sadayanipun kadasaraken dhateng punapa tiyang punika sampun pitados dhumateng Yesus Kristus piyambak minangka pangrembating dosanipun.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Ingkang Badhe Kadadosan Sasampunipun Pejah?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries