Kenging punapa kita sedaya boten dipunkaparengaken nglalu?




Pitaken: Kenging punapa kita sedaya boten dipunkaparengaken nglalu?

Wangsulan:
Manah kita sedaya trenyuh dumatheng tiyang ingkang badhe mungkasi gesang piyambakipun sarana nglalu. Mbok bilih tiyang ingkang kasebat punika panjenengan, wekdal punika mbok menawa panjenengan rumaos putus asa uga mboten wonten pangarep-arep. Mbok bilih panjenengan nembe wonting luweng ingkang jero uga mangu-mangu punapa wonten sekhedik pangarep-arep ingkang saged mbekta bab ingkang langkung sae. Raosipun gesang punika mboten wonten tegesipun...punapa mekaten?

Ngirangi pangraosing batos (emosi) punika dipunraosaken dening tiyang kathah ing wekdal ingkang sami utawi sanesipun. Pitaken-pitaken ingkang kabekta ing batos kula nalika kula wonten ing luwenging batos (emosi) inggih punika, “Punapa punika saged dados karsanipun Gusti, ingkang nitahaken kula?” ...“Punapa Gusti punika sakalangkung alit kangge mitulungi kula?”... “Punapa prakawis kula sakalangkung ageng tumrap Panjenenganipun?”

Kula remen nyariosaken dhumateng panjenengan bilih menawi panjenengan purun mendhet sawetawis wekdal kangge nenimbang uga ngengkenaken supados Gusti saestu leres dados Gusti wonten ing gesang panjenengan sapunika, Panjenenganipun badhe mbuktekaken kados pundi saleresipun agenging Panjenenganipun punika! “Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal” (Lukas 1:37). Mbok menawi cacat saking tatu kapungkur sampun ngangsalaken sakalangkung ageng tumrap raos panolak utawi katilaraken. Bab punika saged mbekta raos mesakaken dhateng badan piyambak, kanepson, kasengitan, pikiran-pikiran utawi raos mendhem sengit, raos kuwatir ingkang boten sehat, lan sapanunggalanipun, ingkang nyebabaken prakawis-prakawis wonten ing salebeting sesambetan panjenengan ingkang paling wigatos. Kados pundi kemawon, nglalu punika namung badhe mbekta dhateng karisakan tumrap nresnani tiyang ingkang nate panjenengan tatu; tatuning pangraos ingkang kedah kabagi kaliyan sisaning gesangipun.

Kenging punapa panjenengan boten perlu tumindak nglalu? Sedherek, sanajan kathah bab-bab awon ing salebeting gesang panjenengan, wonten Gusti maha asih ingkang nembe nengga dumugi penjenengan purun dibimbing Panjenenganipun nglangkungi kawontenan semplahing manah panjenengan, uga medal dhateng pepadhanging Gusti Allah ingkang elok sanget. Panjenenganipun punika pangajeng-ajenganipun panjenengan ingkang saleresipun. Asmanipun Gusti Yesus.

Gusti Yesus punika, Putranipun Yehuwah ingkang tanpa dosa, uga tepang panjenengan ingkang wonten ing panolakan lan pangina ing salebeting wekdal panjenengan. Nabi Yesaya, nyerat bab Panjenenganipun, “Panjenengane iku thukul kaya trubusan ana ing ngarsaning Yehuwah, tuwin kaya semen saka ing lemah garing. Ora bagus ing warna lan ora kagungan kaendahan kang njalari kita banjur padha nyawang, sarta ora kagungan rupi kang menginake kita. Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kang kulina nandhang gerah; banget anggone karemehaken nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku ya ora klebu etungan. Mangka sanyatane lelara kita kang disanggi lan kasangsaran kita kang dirembat, ewasamono kita padha ngira Panjenengane iku kena ing ipat-ipat kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah. Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarta marta saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras. Kita padha nglambrang kaya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ewadene Pangerang Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane” (Yesaya 53:2-6).

Sedherek, sedaya punika kapikul dening Gusti Yesus Kristus supados panjenengan pikantuk pangapuntening sedaya dosa panjenengan! Sapinten kemawon awrating kalepatan ingkang panjenengan sanggi wonten ing gesang panjenengan, mangertosa bilih Panjenenganipun badhe paring pangapunten dhateng panjenengan manawi panjenengan sumlondhoh ing manah nggetuni dosa (wangsul saking dosa panjenengan, tumuju dhateng Gusti). “Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun” (Jabur 50:15). Boten wonten prakawis ingkang sampun nate panjenengan tindakaken punika sakalangkung awon tumrap Gusti Yesus kangge paring pangapunten. Sawetawis abdi pilihan ing Kitab Suci nate nindakaken dosa ageng, kadosdene, mejahi (Musa), zinah (Raja Daud), sarta panyiksan badan uga batin (Rasul Paulus). Nanging, sedaya sami angsal pangapunten uga sami nampi kaluberaning gesang enggal wonten ing Gusti. “Mugi Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula, sarta dosa kawula mugi Paduka ruwat” (Jabur 51:4). “Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar; kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka” (2 Korinta 5:17).

Kenging punapa panjenengan boten tumindak nglalu? Sedherek, Gusti jumeneng cumawis ndandosi punapa ingkang “risak” ... inggih punika, gesang panjenengan sapunika, ingkang kepengin panjenengan pungkasi sarana nglalu. Nabi Yesaya nyerat: “Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjaran marang wong kang pada kaukum, ngundhangake taun sih-rahmating Sang Yehuwah lan dina tumibane piwalesing Allah kita, nglipur sakehing wong kang nandhang susah, ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan ‘wit elah ing bab kabeneran’, ‘tanemaning Pangeran Yehuwah’ kanggo ngatonake kaluhurane” (Yesaya 61: 1-3).

Sumangga marek dhumateng Gusti Yesus, lan nyumanggakaken Panjenenganipun ndandosi kabingahan panjenengan sarta pigunanipun awit panjenengan pitados dhumateng Gusti Yesus kangge miwiti pakaryan enggal wonten ing gesang panjenengan. Dhuh Gusti, Paduka mugi karsa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan Roh ingkang santosa. Temahan kawula badhe mulangaken margi Paduka dhateng para tiyang ingkang lampahipun nasar, supados tiyang dosa sami mratobata dhumateng Paduka. Dhuh Gusti, karahayon kawula, Paduka mugi karsa nguwalaken kasula saking anggen kawula kasambutan rah, temah ilat kawula badhe surak-surak martosaken keadilan Paduka. Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikan lambe kawula, supados cangkem kasula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka” (Jabur 51:12, 15-17).

Punapa panjenengan badhe nampi Gusti minangka Juruwilujeng sarta Pangen panjenengan? Panjenenganipun badhe nuntun pikiran sarta langkah panjenengan, satunggaling dinten mangke, langkung Pangandikanipun, Kitab Suci. “Aku arep mulang marang kowe, dak weruhake dalan kang wajib kok ambah; aku arep mituturi kowe, mripatku tumuju marang kowe” (Jabur 32:8). “Jaman tentrem bakal nekani kowe; kasugihan kang marakake slamet iku kawicaksanan lan kawruh; wedi asih marang Sang Yehuwah, iku kang dadi rajabranane Sion” (Yesaya 33:6). Wonten ing Sang Kristus, panjenengan tetep badhe gadhah sesanggen, nanging samangke panjenengan kagungan PANGAJENG-AJENG. Panjenenganipun punika “Ana kanca kang marakake sangsara, nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur” (Wulang Bebasan 18:24). Mugi sih-rahmatipun Gusti Yesus wontena ing wekdal panjenengan mendhet pancasan.

Manawi panjenengan kepengin pitados Gusti Yesus dados Juruwilujeng panjenengan, sumangga ngucapaken tembung-tembung punika dhumateng Gusti Yesus ing salebeting manah panjenengan. “Dhuh Gusti, kawula perlu Paduka ing gesang kawula. Mugi paring pangapunten dhumateng kawula tumrap sadaya ingkang sampung kawula tindakaken. Kawula masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Gusti Yesus Kristus sarta pitados bilih Panjenenganipun punika Juruwilujeng kawula. Mugi ngresiki kawula, maluyakaken kawula, sarta ndandosi kabingahaning gesang kawula. Maturnuwun Paduka ngasihi kawula sarta Gusti Yesus sampun seda tumrap kawula.”

Punapa panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” wonten ing ngandhap punika.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kenging punapa kita sedaya boten dipunkaparengaken nglalu?