Wonten ing pundi Gusti Yesus sadangunipun tigang dinten sasampunipun seda ngantos wungunipun?




Pitaken: Wonten ing pundi Gusti Yesus sadangunipun tigang dinten sasampunipun seda ngantos wungunipun?

Wangsulan:
1 Petrus 3:18-19 mratelakaken, “Sabab Gusti Yesus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita pada bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh, sarta ing sajroning Roh iku uga, Panjenengane tedhak ngundhangake Injil marang para roh ana ing pakunjaran.”

Perangan tembung “mungguh ing Roh”, ing ayat 18 sejatosipun sami kaliyan “mungguh ing kadagingan”. Daging lan roh ingkang dipun kajengaken inggih punika kadaginganipun Sang Kristus saha rohipun Sang Kristus. Tembung “kagesangake mungguh ing Roh”, nelakaken bilih Gusti Yesus nglampahi seda kangge nanggel dosa misahaken rohing kamanungsanipun saking Sang Rama (Matius 27:46). Benten kaliyan daging lan roh kados ing Matius 27:41 lan Rum 1:3-4, inggih benten kaliyan kedaginganipun Sang Kristus lan Roh Suci. Nalika panebusipun Sang Kristus tumrap dosa sampun kalampahan, Roh Suci makarya ndandosi sesambetan antawisipun manungsa lan Gusti ingkang sampun risak.

1 Petrus 3:18-22 mratelakaken sesambetan atawisipun kasangsaran (ayat 18) kaliyan kamulyanipun (ayat 22) sang Kristus. Petrus nerangaken bilih “ngundangake” ing ayat 19 pukika sanes tembung ingkang asring dipungunakaken ing Prajanjian Anyar kangge mratelakaken babagan Injil, anangin pawartos. Gusti Yesus nandang sangsara lan seda ing kajeng Salib, awit Panjenenganipun kadamel dosa, ananging Rohipun kagesangaken lan Panjenenganipun masrahaken dhumateng Sang Rama. Ingkang dipun kajenganken Petrus inggih punika bilih Gusti Yesus sasampunipun seda lan saderengipun wungu, martosaken pawartos dhumateng “roh ing pakunjaran” bilih Gusti Yesus sampun menang saking pati.

Petrus nedahaken dhateng tiyang-tiyang minangka “jiwa” lan sanes “roh” (3:20). Ing Prajanjian Anyar, tembung “roh” dipun ginakaken kangge nerangaken malaekat utawi iblis, sanes manungsa; lan ayat 22 katingalipun nyengkuyung teges punika. Kitab Suci ugi boten nyariosaken bilih Gusti Yesus tindak neraka. Lelakone Para Rasul 2:31 mratelakaken bilih Panjenenganipun tumedhak ing “Teleng palimengan” (New American Standard Bible/Kitab Suci pathokan enggal Amerika), nanging “teleng palimengan” punika sanes neraka, ananging alaming pepejah, inggih punika panggenan kangge sauntawis wekdal ing pundi tiyang sami nengga patangen. Wahyu 20:11-15 ing NASB (New American Standard Bible/Kitab Suci pathokan enggal Amerika) utawi New International Version/terjemahan enggal Internasional bedakaken kanthi cetha antawisipun bab kekalih punika. Neraka punika panggenan ingkang langgeng tumrap paukuman. Teleng palimengan punika panggenan ingkang namung kangge sauntawis wekdal.

Gusti Yesus seda, masrahaken nyawanipun dhateng Sang Rama umedhak ing teleng palimengan maringi pawartos dhateng roh-roh, (mbokmanawi malaekat ingkang dhawah; waos Yudas 1:6) roh-roh punika gadhah sesambetan kaliyan wedal saderengipun banjir ing jamanipun nabi Nuh (1 Petrus 3:20). Petrus boten nyariosaken dhateng kita punapa Panjenenganipun dhateng roh-roh ingkang dipun kunjara, ananging pawartos punika sanes pawartos panebusan awit malaekat-malaekat boten saged kawilujengaken (Ibrani 2:16). Mbokmenawi punika satunggaling pratelan kamenangan dhateng Setan lan rombonganipun (1 Petrus 3:22; Kolose 2:15). Serat Efesus 4:8-10 ugi nedahaken bilih Kristus tindak dhateng “swarga” (Lukas 16:20; 23:43) sarta nyawisaken papan ing swarga kangge sadaya tiyang ingkang pitados dhateng Panjenenganipun saderengipun Panjenenganipun seda. Ing perangan punika bote nyariosaken kanthi cetha punapa ingkang kedadosan, ananging kathah ahli teologi sarujuk bilih punika ingkang dipun tegesaken kaliyan “kajengipun pakunjaran nyepeng sok sintena ingkang purun dipun cepeng”.

Dados, Kitab Suci boten nyariosaken kanthi cetha punapa ingkang kantindakaken Sang Kristus sasampunipun seda sakderengipun wungu. Ketingalipun Panjenenganipun mratelakaken kamenanganipun dhateng iblis lan maringi pawartos dhumateng tiyang percaya ingkang sampun pejah. Ingkang saged kita sumurupi babagan kapitadosan inggih bilih Yesus boten maringi manungsa wekdal ingkang kaping kalih kangge kawilujengan. Kitab Suci nyariosaken dhateng kita bilih kita ngadhepi pangadilanipun Gusti sasampunipun kita pejah lah boten wonten malih wewengan kangge mratobat saksampunipun pejah (Ibrani 9:27). Gusti Yesus inggih boten nglampahi siksa wonten ing neraka. Pakaryanipun Sang Kristus sampun sampurna wonten ing kajeng salib (Yokanan 19:30).



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Wonten ing pundi Gusti Yesus sadangunipun tigang dinten sasampunipun seda ngantos wungunipun?