settings icon
share icon
Pitaken

Sinten ta Roh Suci Punika?

Wangsulan


Kathah pangerten ingkang boten trep nyumurupi babagan Roh Suci. Sawetawis tiyang pitados bilih Roh Suci punika sawijining kakiyatan gaib. Tiyang sanes pitados bilih Roh Suci punika kados dene kuwaosipun pribadining Allah ingkang kasadiyakaken tumrap para pandherekipun Kristus.

Lajeng, punapa ingkang kasebat wonteng ing Kitab Suci bab jatidirinipun Roh Suci? Kitab Suci mratelakaken bilih Roh Suci punika Gusti. Kitab Suci ugi nyariosaken dhumateng kita bilih Roh Suci punika satunggaling Pribadi, satunggaling Badan kaliyan pikiran, pangraos, sarta karsa.

Kasunyatanipun bilih Roh Suci punika Gusti, kasebat wonten ing kathah ayat Kitab Suci kalebet Lelakone Para Rasul 5:3-4. Ing ayat punika Petrus negur Ananias ingkang sampun goroh dhumateng Roh Suci sarta matur dhateng Petrus bilih piyambakipun “boten goroh dhateng manungsa nanging dhumateng Gusti.”

Punika pratelan ingkang gamblang bilih goroh dhumateng Roh Suci punika goroh dhumateng Gusti. Kita ugi saged sumerep bilih Roh Suci punika Gusti Allah awit Panjenenganipun kagungan kawicaksanan utawi sipating Allah.

Contonipun kanyatan bilih Roh Suci punika wonten ing pundi kemawon saged kasumurupi ing Jabur 139:7-8 “Dhateng pundi anggen kula kesah nebihi roh Paduka, dhateng pundi anggen kula mlajeng nilar pangayunan Paduka? Manawi kula sumengka dhateng langit, Paduka wonten ing mrika, manawi kawula nggelar patileman kawula wonten ing jagadipun tiyang pejah, Paduka inggih wonten ing ngriku”.

Lajeng ing 1 Korinta 2:10 kita ningali Roh Suci punika ingkang nitipriksa punapa kemawon, “Awit Gusti Allah wus nglairake bab iku marang kita sarana Sang Roh, sabab Sang Roh iku nitipriksa samubarang kabeh dalah bab wewadine Gusti Allah.”

Kita saged sumerep bilih Roh Suci punika saestu satunggaling Pribadi awit Panjenenganipun kagungan pikiran, pangraos, sarta karsa. Roh Suci punika mikir lan nyumurupi (1 Korinta 2:10). Roh Suci saged sedih (Efesus 4:30). Roh Suci paring pangapunten tumrap kita (Rum 8:26-27). Roh Suci mendhet pancasan miturut ing karsanipun (1 Korinta 12:7-11). Roh Suci punika Gusti, Pribadi ingkang kaping tiga saking Trinitas. Kados dene Gusti Allah, Roh Suci saestu saged tumindak minangka Panglipur sarta Panggulawenthah kados ingkang dipun prajanjekaken dening Gusti Yesus (Yokanan 14:16,26; 15:26).

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Sinten ta Roh Suci Punika?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries