Punapa Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti?




Pitaken: Punapa Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti?

Wangsulan:
Wangsulan kita tumrap pitaken punika boten badhe namung kendel ing kados pundi kita ningali Kitab Suci lan punika wigatos tumrap gesang kita, nanging ugi pungkasanipun badhe dados pangaribawa ingkang langgeng tumrap kita. Manawi Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti Allah, lajeng kita ngajeni, sinau, mituhu, sarta pungkasanipun mitadosi. Manawi Kitab Suci punika Pangandikanipun Gusti Allah mila migatosaken Kitab Suci punika sami kaliyan migatosaken Gusti Allah piyambak.

Kasunyatanipun bilih Gusti maringi kita Kitab Suci punika satunggaling pitedah lan gambaraning katresnanipun Gusti dhumateng kita. Sesambetan “wahyu” sacara prasaja tegesipun bilih Gusti ngandika dhumateng manungsa punapa ingkang dipun kersakaken sarta kadospundi kita saged gadhah sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti. Punika bab-bab ingkang boten saged kita sumurupi menawi Gusti boten medharaken sacara kaillahianipun dhumateng kita ing salebeting Kitab Suci. Senadyan wahyu bab Gusti piyambak ing Kitab Suci kaparingaken sacara terus-terusan kinten-kinten langkung saking 1500 tahun, punika tansah kaisi sedaya samukawis ingkang kabetahaken dening manungsa supados nyumurupi bab Gusti Allah satemah saged gadhah sesambetan ingkang sae kaliyan Panjenenganipun. Manawi Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti Allah, mila punika kakuwaosan pungkasan tumrap sedaya prakawising kapitadosan, praktik agama, lan kasusilan.

Pitaken ingkang kedah kita takekaken tumrap diri kita piyambak inggih punika kadospundi kita saged mangertos bilih Kitab Suci punika Pangandikanipun Gusti Allah sarta boten namung buku ingkang sae? Punapa ingkang renik bab Kitab Suci ingkang ndadosaken benten saking buku-buku agama sanes ingkang nate kaserat? Punapa wonten bukti bilih Kitab Suci punika saestu Sabdanipun Gusti Allah? Sedaya punika wau warna-warni pitaken ingkang kedah dipun tingali manawi kita leres-leres nguji pratelaning Kitab Suci bilih Kitab Suci punika pancen leres Sabdanipun Gusti, kawangsitaken sacara ilahi uga cekap sampurna tumrap sedaya bab ingkang sesambetan kaliyan kapitadosan lan kanyataning gesang.

Boten wonten raos mangu-mangu bab kanyatan bilih Kitab Suci nerangaken saestu Pangandikanipun Gusti. Punika cetha katingalan ing ayat-ayat kados dene 2 Timotius 3:15-17, ingkang suraosipun, “Elinga uga, yen wiwit cilik kowe wus wanuh karo Kitab Suci, kang bisa ngolehake kawicaksanan marang kowe lan nuntun kowe marang karahayon marga saka pracaya marang Gusti Kristus. Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten. Marga saka mangkono saben wong kagungane Gusti Allah iku disamektani kanggo nindakake samubarang kang becik.”

Kangge mangsuli pitaken-pitaken punika kita kedah ningali kekalihipun bukti-bukti saking lebet lan saking jawi bilih Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti. Bukti saking lebet inggih punika bab-bab saking lebeting Kitab Suci piyambak ingkang nyeksekaken kamurnianing kaillahianipun. Satunggal saking bukti saking lebet ingkang kapisan bilih Kitab Suci saestu Sabdanipun Gusti Allah katingal ing patunggilanipun. Sanadyan punika saleresipun arupi sewidak enem buku piyambak-piyambak, kaserat ing tiga daratan, ing tiga basa ingkang benten, nglangkungi wekdal sawetawis 1500 tahun, dening langkung saking 40 (sekawan dasa) panyerat (ingkang dateng saking kathah lelampahaning gesang), Kitab Suci ngengetaken satunggal patunggilaning buku saking wiwitan dumugi pungkasan tanpa bebantahan. Patunggilan punika gadhah ciri kabandhing kaliyan sedaya buku-buku sanesipun lan dados bukti saking mula bukaning ingkang ilahi saking tembung-tembung punika awit Gusti ingkang damel manungsa kados makaten satemah manungsa nyerat Sabdanipun Allah.

Bukti sanes internal (saking nglebet) ingkang mratelakaken Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti katingal ing pamedar wangsit ingkang rinci ingkang kamomot wonten ing lembaran-lembaranipun. Kitab Suci isinipun atusan pamedar wangsit sacara rinci ingkang sesambetan kaliyan wekdal ing ngajeng saking saben bangsa kalebet Israel, kaliyan wekdal ing ngajeng bab kitha-kitha ingkang katemtokaken, kaliyang wekdal ing ngajenging manungsa, sarta kaliyan rawuhipun satunggaling tiyang ingkang badhe dados Mesias, Juru wilujeng ingkang boten namung tumrap Israel, nanging sedaya ingkang badhe pitados dhateng Panjenenganipun. Pamedaring wangsit ingkang boten sami kaliyan ingkang dipun panggihi ing kitab-kitab agama sanes utawi punika dipun tindakaken dening Notradamus, pamedaring wangsit saking kitab suci karinci sacara nyolok uga boten nate lepat dados kasunyatan. Wonten langkung saking 300 pamedaring wangsit ngengingi Yesus Kristus ing Prajanjian Lawas piyambak. Boten namung dipun cariyosaken saderengipun Panjenenganipun badhe miyos sarta Panjenenganipun badhe rawuh saking kulawarga ingkang kados punapa, nanging ugi kados pundi Panjenenganipun badhe seda lan bilih Panjenenganipun badhe wungu malih ing tigang dintenipun. Boten wonten cara ingkang mokal kangge nerangaken pamedharing wangsit ingkang kadadosan ing Kitab Suci kajawi saking asal-usulipun ingkang ilahi.

Bukti internal (saking nglebet) ingkang kaping tiga saking kailahianing Kitab Suci katingal ing pangaribowo lan kakiyatanipun ingkang unik. Sanadyan bukti-bukti punika langkung adhedhasar ing bukti saking lebet nomer kalih ingkang langkung rumiyin, boten ngirangi kakiyatan paseksi kailahianipun Kitab Suci. Kitab Suci kagungan pangaribowo khusus ingkang boten sami kaliyan buku-buku sanes ingkang nate kaserat. Pangaribowo uga kuwaos punika katingal cetha sanget ing salebeting tiyang-tiyang ingkang kaewahi ingkang boten saged kaetang kathahipun lumantar pamaosing Kitab Suci. Panyandu obat bius kawaluyakaken, homoseksual (pepadha jenise) kamardikakaken, gelandangan uga tiyang kesed kaewahi, tiyang jahat sami kaenggalaken, tiyang dosa kaengetaken, sarta sengit kadadosaken tresna amarga maos Kitab Suci. Kitab Suci gadhah semangat uga ngewahi kakiyatan ingkang namung saged kadadosan amargi saestu Sabdanipun Gusti Allah.

Kajawi saking punika bukti saking nglebet bilih Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti Allah wonten ugi bukti-bukti saking jawi ingkang mratelakaken Kitab Suci saestu Pangandikanipun Gusti Allah. Satunggal saking bukti-bukti kalawau inggih punika sejarahing Kitab Suci. Awit prastawa sejarah ingkang rinci ing Kitab Suci, kaleresan uga ketelitianipun punika manut kaliyan pambukten kados dene cathetan sejarah sanesipun. Langkung kekalihipun bukti-bukti kapurbakalan uga dokumen seratan sanes, cacahing seratan sejarah Kitab Suci sampun kabuktekaken makaping-kaping malih bilih rinci uga kaleresanipun. Kasunyatanipun sedaya kapurbakalan lan ayat-ayat Kitab Suci mbuktekaken panyengkuyunging Kitab Suci ndadosaken punika buku ingkang kacathet kanthi sampurna saking jaman kino. Kasunyatan bilih Kitab Suci kanthi kanthi tepat uga nyathet cathetan sajarah, ingkang leres saged dites, minangka bukti ingkang leres babagan topik agami uga doktrin-doktrin religius, ingkang langkung nguatake klaim menawi Kitab Suci minangka leres Sabdaning Yehuwah .

Bukti sanes saking njawi bilih Kitab Suci leres Sabdanipun Gusti Yehuwah inggih punika kajujuraning panyeratipun. Kados ingkang kasebat ing ngajeng, Gusti Yehuwah migunakaken manungsa saking kathah lelampahan gesang kangge nyathet Pangandikanipun tumrap kita. Wonten ing salebeting nyinaoni bab gesang saking tiyang-tiyang kala wau, boten wonten dhasar ingkang mesthi kangge pitados bilih tiyang-tiyang kala wau boten jujur sarta tulus wonten ing manah. Niti priksa gesangipun tiyang-tiyang kala wau uga kasunyatan bilih tiyang-tiyang kala wau bakale pejah (asring pejahipun karana panyiksa) tumrap punapa ingkang dipun pitadosi, punika sacara cepet dados cetha bilih kalumrahanipun tiyang-tiyang jujur ingkang saestu pitados bilih Yehuwah sampun ngandika dhumateng tiyang-tiyang kala wau. Tiyang ingkang nyerat Prajanjian Anyar uga atusan tiyang pitados sanesipun (1 Korinta 15:6) sumerep kaleresaning wartanipun awit tiyang-tiyang kala wau sampun ningali uga nelasaken wekdal kaliyan Gusti Yesus Kristus sesampunipun Panjenenganipun wungu saking seda. Ewah-ewahaning tetingalan bab Wungunipun Kristus gadhah pangaribawa ingkang ageng sanget tumrap tiyang-tiyang punika. Tiyang-tiyang wau sami medal saking anggenipun umpetan amargi ajrih, lajeng dados sumadya pejah amarga wangsiting Yehuwah ingkang sampun kapratelakaken. Gesang uga pejahipun kangge nyeksekaken kanyatan bilih Kitab Suci punika saestu Sabdanipun Gusti.

Bukti saking njawi ingkang pungkasan bilih Kitab Suci punika saestu Sabdanipun Gusti inggih punika kawontenaning Kitab Suci ingkang boten saged karisak. Awit saking wigatosipun uga pratelanipun bab pangandikanipun Gusti, Kitab Suci kasangsarakaken dening serangan ingkang sakalangkung jahat uga upados kangge ngrisak Kitab Suci katimbang buku-buku sejarah sanesipun. Saking Kaisar Rum kados dene Diocletian, lumantar panguwaos komunis sarta dumugi jaman ateis lan kasangsaran moderen, Kitab Suci tetep wonten uga gesang langkung dangu saking sedaya panyerangipun sarta tasih kasebaraken wonten ing donya ngantos dumugining dinten punika.

Salaminipun, tiyang ingkang mangu-mangu nganggep Kitab Suci kados dene mitologi, nanging ilmu purbakala sampun netepaken minangka sejarah. Mengsah-mengsahipun sampun nyerang piwucalipun kados dene samukawis ingkang prasaja sanget sarta katilaran jaman, nanging pangertosan kasusilan uga ukum sarta piwucalipun ngandhut pangaribawa ingkang sae ing satengahing masyarakat uga kabudayan ing saindenging jagad. Kitab Suci badhe terus kaserang dening ilmu kawruh, psikologi (ilmu jiwa), sarta gerakan politik, nanging Kitab Suci badhe tetep leres bakoh uga sesambetan kaliyan jaman punika kados dene saestu sesambetan nalika wiwitan kaserat. Punika satunggaling kitab ingkang sampun ngewahi gesang uga kabudayan ingkang boten saged kaetung sadangunipun 2000 tahun kapengker. Boten dados prakawis kados pundi mengsah-mengsahipun nyobi nyerang, ngrisak, utawi boten pitados, Kitab Suci tetap saestu kiyat uga sesambetan kados dene saderengipun sasampunipun ngalami serangan-serangan punika. Katelitianipun ingkang tansah karimat sanadyan saben panyobi kangge ngrisak, nyerang, utawi nyirnakaken, cetha sanget nyeksekaken kasunyatan bilih Kitab Suci saestu Sabdaning Gusti. Bab punika saleresipun boten ngagetaken kita bilih boten dados prakawis kados pundi Kitab Suci kaserang, punika tansah medal tanpa ewah lan tanpa tatu. Sesampunipun sedaya wau, Gusti Yesus mangandika, “Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna” (Markus 13:31). Sesampunipun nyumurupi bukti punika tiyang saged cariyos tanpa mangu-mangu bilih “Ya Kitab Suci iku bener Sabdaning Yehuwah.”



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti?