settings icon
share icon
Pitaken

Kawula Satunggaling Muslim, Kenging Punapa Kawula Kedah Nimbang-nimbang Dados Tiyang Kristen?

Wangsulan


Mbok menawi, babagan ingkang ngremenaken sanget saking sesambetan antawisipun Muslim lan Kristen inggih punika punapa ingkang dipun cariyosaken Qur’an babagan Yesus. Qur’an mratelakaken bilih Gusti Allah ngintunaken Yesus lan nyengkuyung Panjenenganipun sarana Roh Suci (Sura 2:87), bilih Gusti Allah mulyakaken Yesus (Sura 2:253), bilih Yesus punika sae bebudenipun lan tanpa dosa (Sura 3:46; 6:85; 19:19), bilih Yesus punika kawungokaken saking seda (Sura 19:33-34), bilih Gusti Allah ngutus Yesus mbangun satunggaling agama (Sura 42:13), sarta bilih Yesus kaangkat dhateng Swarga (Sura 4:157-158). Mila, tiyang Muslim ingkang saestu, leresipun ngulinakaken kaliyan piwucalipun Yesus sarta mituruti (Sura 3:48-49; 5:46).

Piwucalipun Gusti Yesus kacathet dening para sakabatipun, ingkang rinci sanget, ing salebeting Kitab Injil. Sura 5:111 mratelakaken bilih para sakabat kaparingan wahyu dening Gusti Allah supados pitados ing Gusti Yesus lan piwucalipun. Sura 61:6, 14 nyumurupi kekalihipun Yesus lan para sakabatipun minangka ingkang mbiyantu Allah. Minangka abdinipun Gusti Allah, para sakabatipun Yesus gadhah cathetan ingkang leres uga rinci babagan piwucalipun Gusti Yesus. Qur’an njurungi para tiyang Muslim supados ngugemi lan miturut dhateng kekalihipun Torah lan Injil (Sura 5:44-48). Menawi Gusti Yesus punika tanpa dosa, sadaya prakawis ingkang dipun wucalaken punika saestu leres. Menawi para sakabatipun Gusti Yesus punika abdinipun Gusti Allah, para sakabat kalawau gadhah cathetan bab piwucalipun Gusti Yesus kanthi leres lan rinci.

Langkung-langkung Mohammad, Allah, ing salebeting Qur’an, njurungi tiyang Muslim supados sinau bab Injil. Allah mboten paring dhawuh menawi Injil punika awon. Mila saking punika, salinaning Injil ing jamanipun Mohammad saged dipun pitados uga leres. Wonten kathah salinan Injil ingkang dipunsalin langkung-langkung 450 tahun sakderengipun jaman Mohammad. Saktenanipun, wonten ewonan ayat saking Injil. Menawi kita mbandingaken salinan ingkang paling kina, salinan wonten ing jamaning Mohammad, lan salinan sasampunipun jamaning Mohammad -- katingal cetha sanget bilih sadaya salinan Injil punika cocok sanget babagan punapa ingkang dipun cariyosaken bab Gusti Yesus lan piwucalipun Gusti Yesus. Saestu mboten wonten bukti bilih Injil punika awon. Mila saking punika, kita saged mangertos kanthi yakin bilih sadaya ingkang dipun wucalaken dening Gusti Yesus punika leres, bilih piwucalipun kanthi rinci kacathet ing Injil, sarta bilih Allah sampun njagi kaleresaning Injil.

Punapa bab-bab ingkang kacathet ing Injil ngengingi Yesus? Ing Yokanan 14:6, Yesus ngandika, “Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Bapa Rama, manawa ora etu ing Aku.” Gusti Yesus mucalaken bilih Panjenenganipun punika margi ingkang tumuju dhateng Gusti Allah. Ing Mateus 20:19, Yesus ngandika bilih Panjenenganipun badhe kasalib, kasedani, uga badhe wungu saking seda ing tigang dintenipun. Injil kanthi cetha nyathet punika wau minangka kadadosan saleresipun ingkang sampun kanyana dening Gusti Yesus (Mateus bab 27-28, Markus bab 15-16, Lukas bab 23-24, Yokanan bab 19-21). Kenging punapa Yesus, nabining Gusti Allah ingkang maha agung, marengaken sariranipun kasedani? Kenging punapa Gusti Allah marengaken punika? Gusti Yesus ngandika bilih mboten wonten katresnan ingkang langkung ageng katimbang ngurbanaken gesang panjenengan tumrap mitra panjenengan (Yokanan 15:13). Yokhanan 3:16 nyariosaken bilih Gusti Allah ngasihi kita ngantos maringaken Yesus dumados kurban tumrap kita.

Kenging punapa kita perlu Yesus ngurbanaken gesangipun tumrap kita? Punika kunci bentenipun antawisipun Muslim lan Kristen. Muslim mucal bilih Gusti Allah ngadili kita adedasar dhateng punapa tumindak sae kita langkung kathah saking tumindak awon kita. Kakristenan mucal bilih mboten wonten sok sintena ingkang saged nglintoni tumindak awonipun kaliyan tumindak ingkang sae. Sanadyan menawi saged nglintoni kathah tumindak awon kaliyan kathah tumindak sae, Gusti Allah punika mutlak lan sampurna kasucianipun satemah Panjenenganipun mboten saged marengaken sinten kemawon lumebet ing Kraton Swarga ingkang sampun tumindak sanadyan namung dosa tunggal. Gusti Allah, sampurna uga suci, mboten saged marengaken punapa kemawon ingkang kirang sampurna lumebet ing Swarga. Bab punika nilaraken kita sadaya wonten ing margi ingkang tumuju ing kalanggengan wonten ing neraka. Tuntutan kasucianipun Gusti Allah satunggaling paukuman ingkang langgeng tumrap dosa. Awit saking punika Yesus kedah dados kurban tumrap kita.

Kados dene Qur’an mucalaken, Gusti Yesus punika tanpa dosa. Kadospundi manungsa saged gesang tanpa tumindak dosa sanadyan namung sepisan? Punika mokal. Kados pundi salajengipun Gusti Yesus nyampurnakaken punika? Gusti Yesus punika langkung saking manungsa, Yesus piyambak ngandika bilih Panjenenganipun punika dados satunggal kaliyan Gusti Allah (Yokhayan 10:30). Gusti Yesus mratelakaken Sariranipun minangka Allahing Torah (Yokanan 8:58). Injil kanthi cetha mucalaken bilih Yesus punika Gusti Allah ingkang manjelma manungsa (Yokanan 1:1, 14). Gusti Allah pirsa bilih kita sadaya sampun dosa uga awit saking punika mboten saged lumebet ing Kratoning Swarga. Gusti Allah pirsa bilih margi satunggal-satunggalipun kita saged kaapunten inggih punika utang dosa kita karuwat. Gusti Allah pirsa bilih namung Panjenenganipun ingkang saged ngluwari tanpa wates. Gusti Allah manjelma dados manungsa “Yesus Kristus “ nilaraken gesang ingkang tanpa dosa (Sura 3:46; 6:85; 19:19), mucal bab-bab kasampurnan, uga seda tumrap kita, kangge ngluwari paukumaning dosa kita. Gusti Allah nindakaken punika awit Panjenenganipun ngasihi kita, awit Panjenenganipun ngersakaken nglampahi kalanggengan wonten ing Kratoning Swarga sesarengan Panejenganipun.

Lajeng, punapa tegesipun punika tumrap panjenengan? Gusti Yesus kurban ingkang sampurna tumrap dosa kita. Gusti Allah nawekaken dhumateng kita sadaya pangapunten uga karahayon menawi kita purun klayan gampil nampeni peparingipun tumrap kita (Yokanan 1:12), pitados Gusti Yesus dados Juruwilujeng ingkang masrahaken gesangipun tumrap kita -- para mitranipun. Menawi panjenengan masrahaken kapitadosan panjenengan ing Gusti Yesus minangka Juru Wilujeng panjenengan, panjenengan badhe pikantuk jaminan sakwetahipun saking gesang langgeng ing Kratoning Swarga. Gusti Allah badhe peparing pangapuntening dosa panjenengan, nyucekaken manah panjenengan, ngenggalaken ruh panjenengan, maringi gesang kaluberan ing jagad, uga gesang langgeng ing jagad ing wekdal ngajeng. Kados pundi kita saged nolak kanugrahan ingkang endah punika? Kados pundi kita saged nyingkur Gusti Allah ingkang sampun ngasihi kita ngantos ngurbanaken Sasiranipun tumrap kita?

Menawi panjenengan mboten yakin kaliyan punapa ingkang panjenengan pitadosi, kita ngaturi panjenengan ngucapaken pandonga dhumateng Gusti Allah punika;

“Dhuh Gusti, mugi mitulungi kawula supados mangertos punapa ingkang leres. Mugi mitulungi kawula ningali ingkang lepat. Mugi mitulungi kawula supados mangertos pundi margi ingkang leres tumuju karahayon.” Gusti Allah badhe tansah nampeni pandonga.

Menawi panjenengan kepengin nampeni Gusti Yesus dados Juruwilujeng, matur kanthi prasaja dhumateng Gusti Allah, sacara lisan utawi sacara batos, sarta matur Panjenenganipun bilih panjenengan nampeni kanugrahan karahayon lumantar Gusti Yesus. Menawi panjenengan kepengin ngaturaken pandonga, punika contonipun: “Duh Gusti Allah, maturnuwun awit sampun ngasihi kawula. Maturnuwun sampun ngurbanaken sarira Paduka tumrap kawula. Maturnuwun sampun sumadya paring pangapunten lan karahayon. Kawula nampeni kanugrahan karahayon lumantar Gusti Yesus. Kawula pitados Gusti Yesus minangka Juruwilujeng kawula. Kawula ngasihi Paduka Gusti sarta masrahaken badan kawula dhumateng Paduka. Amin!”

Punapa panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” wonten ing ngandhap punika.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kawula Satunggaling Muslim, Kenging Punapa Kawula Kedah Nimbang-nimbang Dados Tiyang Kristen?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries