Punapa Gusti Punika Nyata? Kados Pundi Kula Saged Sumerep lan Yakin Bilih Gusti Punika Nyata?




Pitaken: Punapa Gusti Punika Nyata? Kados Pundi Kula Saged Sumerep lan Yakin Bilih Gusti Punika Nyata?

Wangsulan:
Kita sumerep bilih Gusti punika nyata awit Panjenenganipun sampun ngatingalaken Sariranipun dhumateng kita kaliyan tiga cara: ing samubarang ingkang dipuntitahaken Sabdanipun, sarta Putranipun Yesus Kristus.

Bukti ingkang paling dasar babagan wontenipun Gusti inggih punika saking samubarang ingkang sampun Panjenenganipun titahaken. “Awitdene kang ora katingal ana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kang langgeng lan kaallahane, iku wiwit dumadine jagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane, satemah wong-wong padha ora bisa diarani tanpa kaluputan.” (Rum 1:20).

“Langit nyaritakake kamulyaning Gusti, sarta akasa mratelakake yeyasaning astane.” (Jabur 19:1).

Menawi kula manggihi jam tangan ing satengahing lapangan, kula boten badhe nganggep bilih punika “ujug-ujug medal” utawi sampun tansah wonten. Adedasar rancanganing jam punika, kula badhe nganggep bilih jam punika mesthi gadhah pangrancang.

Nanging kula sumerep wonten ing rancangan ingkang langkung sae uga teliti wonten ing jagad punika. Ukuraning wekdal kita boten kadasaraken ing jam tangan, nanging wonten ing pakaryaning astanipun Gusti -- teteping puteraning jagad (sarta sedian radioaktif saking Cesium-133 atom).

Jagad punika inggih pameranipun rancangan ingkang sae sangte, ugi mratelakaken kawontenanipun Sang Pangrancang punika piyambak.

Menawi kula manggih satunggaling pesen mawi sandi, kula badhe pados ahlining pamaos sandi kangge mitulungi mecahaken sandinipun. Panganggep kuala inggih punika bilih wonten satunggaling tiyang pinter ingkang ngintunaken pesen punika, ingkang nyiptakaken sandi kala wau.

Kados pundi ruwetipun sandi DNA ingkang kita beta ing saben sel ing salebeting badan kita? Punapa karuwetan lan tujuaning DNA punika boten mratelakaken kapinteraning Panyerating sandi punika?

Gusti boten namung sampun nitahaken jagad ingkang kawontenanipun ruwet lan ketata, Panjenenganipun ugi sampun nanem raosing kalanggengan ing salebeting manah kita (Kohelet 3:11). Manungsa nggadhahi sipat tanggap ingkang langkung bilih gesang punika boten namung punapa ingkang katingal ing mripat; naning wonten kawotenan ingkang langkung inggih tinimbang samubarang ing donya punikaing.

Pangraos kalanggengan wonten ing manungsa mujudaken sakirang-kirangipun wonten ing kalih prakawis: tatanan hukum lan panembahan.

Saben peradaban kabudayan manungsa wonten ing sejarah sacara nggumunaken gadhah tatanan hukum ingkang mirip saking satunggal kabudayan tumuju kabudayan salajengipun. Contonipun, katresnan punika kajunjung ing pundi kemawon, dene pakaryaning panggoroh punika kacacad ing jagad punika. Punika inggih minangka kasusilan ingkang umum dipunmangertosi, “pangertosan bab leres lan lepat”, pangertosan punika tumuju dhateng Panjenenganipun, Pribadi ingkang Maha Kuwaos ingkang maringi kita kawratan ingkang makaten.

Ing prakawis ingkang sami, manungsa sajagad, tanpa nyimak kabudayanipun, tansah ngolah cara pangibadah. Tujuaning pangibadah mbok menawi benten-benten, nanging pangraos ing “kuwaos ingkang langkung inggil” punika bagean ingkang boten saged kaselaki saking manungsa. Kacondongan kita bab pangibadah cocok kalian kasunyatan bilih Gusti nitahaken kita “miturut gambar lan pasemone Piyambak” (Purwaning Dumadi 1:27).

Gusti ugi ngatingalaken Sariranipun piyambak dhumateng kita lumantar Sabdanipun, Kitab Suci. Kawontenanipun Gusti punika kasunyatan ingkang gamblang dipunwicantenaken ing Kitab Suci, (Purwaning Dumadi 1:1; Pangentasan 3:14).

Nalika Benjamin Franklin nyerat Autobiografinipun (lelampahaning gesangipun), piyambakipun boten mbucal wekdal kangge nyobi mbuktekaken bilih piyambakipun punika wonten punapa boten. Makaten ugi, Gusti boten nelasaken wekdal kangge mbuktekaken bilih Panjejenganipun punika wonten ing kitabipun (Kitab Suci). Ewahing gesang saking Kitab Suci, integritas, sarta mujizat ingkang nyarengi seratan punika kedahipun sampun cekap kangge kita sedaya nggatosaken Kitab Suci.

Cara ingkang kaping tiga ing pundi Gusti ngatingalaken Sariranipun lumantar Sang Putra, Yesus Kristus (Yokanan 14:6-11). “Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah. ... Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita” (Yokanan 1:1, 14). Ing Yesus Kristus “kadunungan Kaallahan sawetahe kang kasarira” (Kolose 2:9).

Ing gesangipun Gusti Yesus ingkang nakjubaken, Panjenenganipun ngugemi sadaya angger-anggering Prajanjian Lawas kanthi sampurna sarta menuhi paweca bab Sang Mesias (Mateus 5:17). Panjenenganipun nindakaken pakaryan ingkang kebak welas asih tanpa etangan sarta mujizat ing ngajenging tiyang kathah kangge mbuktekaken pangandikanipun uga ngandhut paseksi tumrap Kaillahianipun (Yokanan 21:24-25). Lajeng, tigang dinten sasampunipun Panjenenganipun kasalib, wungunipun saking pati, kategesaken kanthi nyata dening atusan mripat ingkang nyeksekaken (1 Korinta 15:6).

Cathetan sejarah kebak dening “bukti” bab sinten ta Yesus punika. Kados ingkang dipungendikakaken dening Rasul Paulus, “Sang Prabu ugi nguningani prakawis punika sadaya, awit saking punika kawula kalawan tatag saha tanpa tedheng aling-aling matur wonten ing ngarsanipun. Kawula yakin, bilih sadaya punika boten wonten satunggal kemawon ingkang dereng nate kapirengaken, awit prakawis punika boten kalampahan wonten ing panggenan ingkang kiwa” (Lelakone Para Rasul 26:26).

Kita mangertos bilih badhe tansah wonten tiyang ingkang gojag-gajeg, ingkang gadhah pamanggih piyambak bab Gusti sarta badhe nafsiraken bukti sakremenipun. Lan badhe wonten sawetawis tiyang ingkang boten pracaya sanajan wonten kathah bukti (Jabur 14:1).

Ing wusananipun inggih punika kapitadosan (Ibrani 11:6).

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Gusti Punika Nyata? Kados Pundi Kula Saged Sumerep lan Yakin Bilih Gusti Punika Nyata?