settings icon
share icon
Pitaken

Kados Pundi Kawula Saged Nampi Pangapuntening Gusti?

Wangsulan


Lelakone Para Rasul 13:38 nyariosaken, “Milanipun ndadosna ing kauninganipun para saderek, margi saking Panjenenganipun punika panjenengan sedaya sami kawartosan bab pangapuntening dosa.”

Punapa pangapunten punika lan kenging punapa kula mbetahaken pangapunten?

Tembung “pangapunten” tegesipun mbusak ngantos resik, paring pangapunten, mbatalaken utang. Nalika kita lepat dhumateng satunggaling tiyang, kita nyuwun pangapunten saking panjengengane supados sesambetan kita saged kapulihaken malih. Pangapunten boten dipun sukakaken margi tiyang ingkang nyuwun pangapunten punika pantes diapunten. Boten wonten satunggal kemawon tiyang ingkang pantes kaapunten. Pangapunten punika pawujudan saking tresna, kamirahan uga sih rahmat. Pangapunten punika pancasan boten mendhem sengit tumrap samukawis ingkang katindakaken dening tiyang dhumateng panjenengan.

Kitab Suci martosaken dhumateng kita bilih kita sedaya mbetahaken pangapunten saking Gusti. Kita sedaya sampun dosa. Kohelet 7:20 nyariosaken, “Sanyatane ing bumi iki ora ana wong kang mursid: Kang nglakoni penggawe becik lan ora tau nglakoni dosa!” 1 Yokanan 1:8 nyariosaken, “Saupama kita sedaya padha ngaku ora nduweni dosa, dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan ora kadunungan ing kayekten.” Sedaya dosa punika sajatosipun pambalila dhumateng Gusti (Jabur 51:6). Saengga, kita sanget mbetahaken pangapunten saking Gusti. Menawi dosa-dosa kita boten kaapunten, kita sedaya badhe nglampahi kasangsaran langgeng ingkang katempuhaken karana dosa-dosa kita (Mateus 25:46; Yokanan 3:36).

Pangapunten – Kados pundi anggen kula ngupados?

Kita ngaturaken panuwun, Gusti ingkang maha asih lan maha mirah, kepingin sanget paring pangapunten dhumateng dosa-dosa kita sedaya. Kitab 2 Petrus 3:9 nyariosaken, “Panjenengane nyabari kowe, sebab karsane aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya kabeh wong padha bali sarta mratobat. Gusti kepingin paring pangapunten dhumateng kita, milanipun Panjenenganipun nyawisaken margi pangapuntenan kangge kita sedaya.

Namung satunggal paukuman ingkang adil tumrap dosa-dosa kita inggih punika pati. Bagian kapisan saking serat Rum 6:23, “Awit pituwase dosa iku pati ....” Pejah ingkang langgeng punika pituwas saking dosa-dosa kita. Gusti, wonten ing rancanganipun ingkang sampurna, rawuh dados manungsa, Yesus Kristus (Yokanan 1:1, 14). Yesus seda wonten ing kajeng salib nanggel paukuman ingkang kedahipun kita tanggel, inggih punika pati. 2 Korinta 5:21 mucal kita, “Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.” Gusti Yesus seda wonten ing kajeng salib supados nggantosaken kita nampi paukuman ingkang kedahipun kita tampi! Minangka Gusti Allah, sedanipun Yesus nyawisaken pangapuntening dosa kangge manungsa ing jagad punika. 1 Yokanan 2:2 martosaken, “Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.” Wungunipun Yesus martosaken kaunggulanipun saking dosa lan pejah (1 Korinta 15:1-28). Pinujia Gusti, karana sedanipun lan wungunipun Yesus Kristus, bagian kapindo saking Rum 6:23 dados kasunyatan, “Awit pituwase dosa iku pati, balik sih peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus Gusti kita.”

Punapa panjenengan sami kersa nampi pangapunten tumrap dosa-dosa panjenengan? Punapa panjenengan rumaos lepat ingkang boten saged ical ing salebeting manah? Pangapunten tumrap dosa-dosa panjenengan sumadia menawi panjenengan masrahaken manah lan kapitadosan panjenengan wonten ing Yesus Kristus. Serat Efesus 1:7 nyariosaken, “Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate.” Gusti Yesus ngluwari utang dosa kita supados kita saged kaapunten. Ingkang perlu panjenengan tindakaken inggih punika namung nyuwun pangapunten dhumateng Gusti wonten ing Putranipun, Gusti Yesus Kristus, pitados bilih Yesus sampun seda kangge ngruwat panjenengan, lan Gusti badhe paring pangapunten dhumateng panjenengan. Yokanan 3:16-17 nyerat pawartos endah punika, “Awit dene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng. Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad.”

Pangapunten – punapa gampil sanget?

Leres, pangapuntenan punika gampil sanget. Panjenengan boten saged nindakaken punapa-punapa kangge ngupados pangapuntenan. Panjenengan boten saged tumbas pangapuntenan saking Gusti Allah. Panjenengan namung saged nampeni kaliyan pangandel dhumateng Gusti, awit sih rahmat lan kamirahanipun Gusti. Menawi panjenengan sumadia nampi Yesus Kristus dados Juru Wilujeng uga nampeni pangapunten saking Gusti, sakmenika panjenengan saged ndedonga kaliyan pandonga punika. Pandonga punika, utawi pandonga sanesipun, boten badhe milujengaken panjenengan. Namung pitados dhumateng Yesus Kristus ingkang saged nyawisaken pangapuntening dosa. Pandonga punika namung salah satunggaling cara kangge mratelakaken pangandel panjenengan dhumateng Gusti uga kangge ngaturaken panuwun dhumateng Panjenenganipun karana pangapuntenan ingkang dipun paringaken panjenengan. “Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”

Punapa panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” wonten ing ngandhap punika.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kados Pundi Kawula Saged Nampi Pangapuntening Gusti?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries