Kados punapa panyawanging tiyang Kristen tumrap tumindak nglalu? Kados pundi miturut Kitab Suci bab nglalu?




Pitaken: Kados punapa panyawanging tiyang Kristen tumrap tumindak nglalu? Kados pundi miturut Kitab Suci bab nglalu?

Wangsulan:
Miturut Kitab Suci, punapa tiyang tumindak nglalu punika boten nemtokaken punapa piyambakipun saged lumebet dhateng swarga. Manawi tiyang ingkang boten kawilujengaken tumindak nglalu, piyambakipun boten tumindak punapa-punapa nanging “nglancaraken” lelampahanipun tumuju segantening latu. Mila saking punika, tiyang ingkang nglalu wekasanipun badhe wonten ing neraka amargi nolak kawilujengan langkung Sang Kristus, boten karana tumindak nglalu. Kitab Suci nyebataken kanthi teges sekawan tiyang ingkang tumindak nglalu: Saul (1 Samuel 31:4), Ahithophel (2 Samuel 17:23), Zimri (1 Para Raja 16:18), sarta Yudas (Matius 27:5). Saben nami kalawau jahat, awon, kebak dosa. Miturut Kitab Suci nglalu punika sami kaliyan mejahi – inggih punika – mejahi badanipun piyambak. Gusti Allah punika satunggal-satunggalipun ingkang nemtokaken wekdalipun sarta kados pundi tiyang badhe pejah. Masrahaken kuwaos ing tangan panjenengan piyambak, miturut Kitab Suci, punika nyenyamah dhumateng Gusti Allah.

Punapa pangandikaning Kitab Suci bab tiyang Kristen ingkang nglalu? Kula boten bilih tiyang Kristen ingkang tumindak nglalu badhe kecalan kawilujengan lan mlebet ing neraka. Kitab Suci mucalaken bilih saking prastawa tiyang saestu pitados ing Sang Kristus, piyambakipun aman salaminya (Yokhanan 3:16). Miturut Kitab Suci, tiyang Kristen sumurup saged nglangkungi raos mangu-mangu awit tiyang kalawau darbe gesang langgeng boten dados prakawis punapa ingkang kadadosan. “Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng” (1 Yokhanan 5:13). Boten wonten ingkang saged misahaken tiyang Kristen saking sihipun Gusti Allah. “Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat utawa para panguwasa, kang saiki utawa kang bakal ana, apa para panguwasa ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing sang Kristus Yesus Gusti kita” (Rum 8:38-39). Manawi boten wonten “mitah” ingkang saged megataken tiyang Kristen saking sihipun Gusti Allah, sarta malah tiyang Kristen ingkang tumindak nglalu punika satunggaling “mitah,” mila nglalu punika boten saged megataken tiyang punika saking sihipun Gusti Allah. Gusti Yesus seda tumrap sadaya dosa kita ... lan manawi leres tumrap tiyang Kristen, ing wekdal batosipun nembe nglentrih lan katempuh ing prahara, tumindak nglalu – punika dados dosa awit Gusti Yesus sampun seda tumrap dosa punika.

Boten dipun cariosaken bilih nglalu punika sanes dosa ingkang saestu lumawan dhateng Gusti Allah. Miturut Kitab Suci, nglalu punika mejahi, punika tansah dosa. Kula rumaos saestu mangu-mangu bab kapitadosan ingkang sajatos saking tiyang ingkang sampun mratelakaken dados Kristen, tumindak nglalu. Boten wonten kawontenan ingkang saged ngleresaken tiyang ingkang utaminipun tiyang Kristen, nemtokaken gesangipun piyambak. Tiyang Kristen katimbalan supados gesangipun kangge Gusti Allah – pancasan tumrap mbenjang punapa pejah punika katamtuanipun Gusti Allah lan namung Gusti Allah. Mbokmanawi cara ingkang sae kangge nggambaraken bab nglalu tumrap tiyang Kristen saged kapendhet saking Kitab Ester. Ing Persia, gadhah angger-angger bilih sok sintena ingkang sowan dhateng raja tanpa dipun timbali, tiyang punika saged kaukum pejah kajawi raja ngacungaken tongkat lambang panguwaosipun dhateng tiyang punika ingkang nedahaken sih piwelasipun. Nglalu tumrap tiyang Kristen badhe meksa margi panjenengan tumuju dhateng Sang Raja minangka gantosing nengga Panjenenganipun nimbali panjenengan. Panjenenganipun badhe ngacungaken tongkat lambang panguwaosipun dhateng panjenengan, nglestantunaken gesang langgeng panjenengan, nanging punika boten ateges bilih Panjenenganipun remen kaliyan panjenengan. Sanadyan punika sanes nerangaken bab nglalu, ayat Kitab Suci saking 1 Korinta 3:15 punika mbokmanawi katerangan ingkang sae tumrap punapa ingkang kadadosan dhumateng tiyang Kristen ingkang tumindak nglalu: “Manawa garapane kobong, wong iku bakal kapitunan, nanging awake dhewe bakal kapitulungan rahayu, mung bae patrape kaya mentas saka geni.”



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kados punapa panyawanging tiyang Kristen tumrap tumindak nglalu? Kados pundi miturut Kitab Suci bab nglalu?