Punapa kawilujengan punika namung karana kapitadosan, utawi karana kapitadosan lan pandamel?




Pitaken: Punapa kawilujengan punika namung karana kapitadosan, utawi karana kapitadosan lan pandamel?

Wangsulan:
Mbokmanawi punika pitaken ingkang paling wigatos ing sadaya teologi Kristen. Pitaken punika ingkang nyababaken Reformasi (nata malih) – karetakan ing antawisipun gereja Protestan lan gereja Katolik. Pitaken punika kunci ingkang mbentenaken antawisi-pun Kakristenan sacara Kitab Suci lan sabagian ageng cara pamujan “Kristen”. Punapa kawilujengan punika namung karana kapitadosan, utawi karana kapitadosan lan pandamel? Punapa kula kawilujengaken namung awit pitados ing Gusti Yesus, utawi punapa kula kedah pitados ing Gusti Yesus lan nindakaken bab-bab ingkang katemtokaken?

Pitaken bab namung kapitadosan utawi kapitadosan lan pandamel punika tumrap sawetawis tiyang kraos awrat kangge damel karahayon nampeni Kitab Suci. Bandingaken Rum 3:28, 5:1 lan Galati 3:24 kaliyan Yakobus 2:24. Sawetawis tiyang ningali bentenipun antawisipun Paulus (karahayon punika namung awit saking kapitadosan) lan Yakobus (karahayon punika awit saking kapitadosan lan pandamel). Kasunyatanipun, Paulus lan Yakobus boten nyelaki sadayanipun. Tujuan utami saking panyelakaning sawetawis tiyang pratelan punika nglangkungi sesambetan antawisipun kapitadosan lan pandamel. Sacara wewucalan agami Paulus mratelakaken bilih dasaring kaleresan punika namung saking kapitadosan (Efesus 2:8-9) dene Yakobus kasumurupan mratelakaken bilih dasaring kaleresan punika saking kapitadosan lan pakaryan. Bab ingkang cetha katingal punika kawangsulan kanthi nitipriksa bab punapa sajatosipun ingkang dipun cariosaken dening Yakobus. Yakobus mbuktekaken bilih punika lepat dhumateng para tiyang pitados bilih sinten kemawon saged gadhah kapitadosan tanpa ngasilaken pakaryan ingkang sae (Yakobus 2:17-18). Yakobus negesaken bab punika bilih kapitadosan dhumateng Kristus ingkang sayektos badhe ngangsalaken ewah-ewahaning gesang lan pakaryan ingkang sae (Yakobus 2:20-26). Yakobus boten carios bilih kaleresan punika saking kapitadosan sarta pakaryan, nanging cekap bilih tiyang ingkang saestu leres awit saking kapitadosan badhe nggadhahi pakaryan ingkang sae ing gesangipun. Manawi tiyang mratelakaken dados pitados, nanging boten nindakaken pakaryan ingkang sae ing gesangipun – lajeng sami kemawon kaliyan boten gadhah kapitadosan ingkang sayektos wonten ing Sang Kristus (Yakobus 2:14, 17, 20, 26).

Paulus nyariosaken bab ingkang sami wonten ing seratanipun. Woh ingkang sae saking tiyang pitados ingkang badhe kapanggih ing gesangipun inggih punika kaserat ing Galatia 5:22-23. Mila sasampunipun paring dhawuh dhateng kita bilih kita sampun kawilujengaken awit saking kapitadosan, sanes karana pakaryan (Efesus 2:8-9), Paulus paring dhawuh dhateng kita bilih kita katitahaken supados nindakaken pakaryan ingkang sae (Efesus 2:10). Paulus gadhah pangajeng-ajeng ngewahi gesang sami kaliyan ingkang katindakaken dening Yakobus, “Dadi, sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar; kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka (2 Korinta 5:17)! Yakobus lan Paulus boten nyelaki bab piwucalipun tumrap kawilujengan. Piyambakipun nyaketi pokok ingkang sami saking panyawang ingkang benten. Paulus negesaken sacara prasaja bilih kaleresan punika awit saking kapitadosan kemawon dene Yakobus negesaken kasunyatan bilih kapitadosan wonten ing Sang Kristus punika badhe ngangsalaken pakaryan ingkang sae.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa kawilujengan punika namung karana kapitadosan, utawi karana kapitadosan lan pandamel?