Punapa namung Gusti Yesus margi tumuju ing Swarga?




Pitaken: Punapa namung Gusti Yesus margi tumuju ing Swarga?

Wangsulan:
“Dasaripun kula tiyang sae, saengga kula kepengin mlebet swarga.” “Inggih, lajeng kula nindakaken bab ingkang awon, nanging kula nindakaken langkung kathah bab ingkang sae, lan kula kepengin mlebet swarga.” “Gusti Allah boten kepengin ngintunaken kula dhateng neraka namung karana kula boten gesang sarana dedasar Kitab Suci. Wekdal sampun gantos!” “Namung tiyang ingkang saestu awon kadosdene nyiksa lare alit lan mejahi ingkang kalebetaken dhateng neraka.”

Punika sadaya dasar ingkang umum ing antawisipun tiyang kathah, nanging kasunyatanipun, sadaya wau palsu. Setan, tataning donya, ngrancang gagasan-gagasan punika ing sirah kita. Piyambakipun, lan sok sintena ingkang ngetut wingking ing marginipun, mengsahipun Gusti Allah (1 Petrus 5:8). Setan tansah nyamar dados ingkang sae (2 Korinta 11:14), nanging piyambakipun ngendalekaken sadaya pikiran ingkang boten nderek Gusti Allah. “Yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah” (2 Korinta 4:4).

Goroh namawi pitados bilih Gusti Allah boten nganggep dosa ingkang alit, lan bilih neraka punika kacadangaken tumrap “tiyang awon.” Sadaya dosa misahaken kita saking Gusti Allah, sanadyan namung “goroh alit tumrap samukawis ingkang sae”. Saben tiyang sampun nglampahi dosa, lan boten wonten satunggal kemawon ingkang cekap sae kangge nggayuh kratoning swarga piyambak (Rum 3:23). Ngupados swarga boten adedasar punapa kasaenan kita langkung kathah tinimbang karisakan kita; kita sadaya badhe nyasar manawi makaten. “Nanging manawa bab iku kalakone awit saka sih-rahmat, dadine wus ora marga saka panggawe maneh, sabab yen ora mangkono, kang diarani sih-rahmat iku wus dudu sih-rahmat maneh” (Rum 11:6). Kita boten badhe saged tumindak sae supados manggih margi dhumateng swarga (Titus 3:5).

“Padha lumebua metu ing lawang kang ciyut, awit amba lawange lan jembar dalane kang anjog ing karusakan, mangka akeh wong kang padha metu ing kono” (Matius 7:13). Sanadyan manawi saben tiyang gesang ing salebeting dosa, lan pitados dhumateng Gusti Allah punika boten kondang, Gusti Allah boten badhe tumindak. “Kowe biyen padha dumunung ana ing kono, awit kowe ngenut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang panguasane Karajan awang-awang, yaiku roh kang saiki lagi nandukake dayane ana ing satengahe para wong duraka” (Efesus 2:2).

Nalika Gusti Allah nitahaken jagad, punika sampurna. Sadaya sae. Lajeng Panjenenganipun ngasta Adam lan Hawa, sarta paring kamardikan kangge nemtokaken piyambak punapa ingkang dipun kepengini, satemah saged milih punapa badhe ndherek lan ngabekti dhumateng Gusti Allah punapa boten. Nanging Adam lan Hawa, ingkang wiwitan katitahaken dening Gusti Allah, sampun kagodha Setan supados boten mituhu dhumateng Gusti Allah, lan sami nglampahi dosa. Punika ingkang misahaken Adam lan Hawa (lan sadaya tiyang ingkang wonten sasampunipun Adam lan Hawa, kalebet kita) saking kawontenan ingkang saged nutup sesambetan kaliyan Gusti Allah. Panjenenganipun sampurna lan boten saged kendel wonten satengahipun dosa. Dene kita, tiyang dosa boten saged nebihaken punika saking kita piyambak. Satemah, Gusti Allah ingkang mbucal saengga kita saged manunggil kaliyan Panjenenganipun ing swarga. “Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng” (Yokhanan 3:16). “Awitdene pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita” (Rum 6:23). Yesus sampun miyos satemah Panjenenganipun saged mucal kita bab margi punika lan seda karana dosa kita satemah kita boten kedah nglampahi pejah. Tigang dinten sasampunipun seda, Panjenenganipun miyos saking pamakaman (Rum 4:25), nelakaken bilih Panjenengan-ipun piyambak sampun mimpang saking seda. Panjenenganipun dados lantaran saking juranging pamisah antawisipun Gusti Allah lan manungsa satemah kita saged nggadhahi sesambetan pribadi kaliyan Panjenenganipun manawi kita pitados namung dhumateng Panjenenganipun.

“Wodene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarga dhateng Yesus Kristus utusan Paduka” (Yokhanan 17:3). Kathah sanget tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Allah, malah Setan ugi. Nanging kangge nampeni kawilujengan, kita kedah wangsul dhumateng Gusti Allah, damel sesambetan pribadi, nilar sadaya dosa kita lan ndherek Panjenenganipun.

Kita kedah pitados dhumateng Gusti Yesus kaliyan sadaya ingkang kita gadahi lan kita tindakaken. “Yaiku kabeneraning Allah kang awit saya pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane” (Rum 3;22). Kitab Suci mucalaken bilih boten wonten margi sanes ingkang milujengaken kajawi nglangkungi Kristus. Gusti Yesus ngandika wonten ing Yokhanan 14:6, “Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.”

Inggih namung Gusti Yesus margining kawilujengan sabab namung Panjenenganipun ingkang saged ngruwat paukumaning dosa kita (Rum 6:23). Boten wonten kapitadosan sanes ingkang mucal lebeting utawi agenging dosa lan pituwasipun. Boten wonten kapitadosan sanes ingkang nawekaken pangruwat ingkang tanpa wates tumrap dosa ingkang saged kasadiyakaken dening Gusti Yesus. Boten wonten “pamanggih kapitadosan” sanes dene Gusti Allah manjilma manungsa (Yokhanan 1:1, 14) – namung satunggal-satunggaling margi kangge nebus utang ingkang tanpa wates. Yesus kedah dados Gusti Allah supados Panjenenganipun saged ngruwat utang kita. Yesus kedah dados manungsa supados Panjenenganipun saged seda. Kawilujengan namung kasadiyakaken lumantar kapitadosan dhumateng Gusti Yesus Kristus! “Kaliyan malihboten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita” (Lelakone Para Rasul 4:12).

Punapo panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” ing ngandap.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa namung Gusti Yesus margi tumuju ing Swarga?