Kadospundi kula saged ngungguli dosa ing salebeting gesang Kakristenan kula?




Pitaken: Kadospundi kula saged ngungguli dosa ing salebeting gesang Kakristenan kula?

Wangsulan:
Kitab Suci ngandika bab manut miturut dhateng sumber-sumber ing pundi kita kedah unggul saking karisakan kita:

(1) Roh Suci – Satunggaling peparing ingkang sampun kaparingaken Gusti Allah dhateng kita (gerejanipun Gusti Allah) satemah saged nggayuh kaunggulan ing gesangipun tiyang Kristen inggih punika Roh Suci. Gusti Allah mbentenaken padamelaning kadagingan sarta wohing Roh wonten ing Galatia 5:16-25. Ing perangan punika kita katimbalan supados lumampah ing salebeting Roh. “Sadaya tiyang pitados punika sampun sami kadunungan Roh Suci, nanging perangan ayat punika mratelakaken dhateng kita bilih kita kedah lumampah salebeting Roh, pasrah dhateng panuntuning Roh. Punika tegesipun milih langkung pasrah dhateng panyurunging Roh Suci ingkang makarya ing salebeting gesang katimbang nuruti pepenginaning katagingan kita”.

Bentenipun bilih Roh Suci saged damel gesanging tiyang pitados kados dene ingkang kapratelakaken ing gesangipun Petrus, ingkang saderengipun kapenuhan Roh Suci nyelaki Gusti Yesus kaping tiga, sarta sasampunipun punika piyambakipun carios bilih badhe ndherek Sang Kristus ngantos dumugining pejah. Sasampunipun kapenuhan, piyambakipun wicanten sacara blak-blakan lan saestu leres dhumateng tiyang Yahudi nalika Pentakosta.

Tiyang ingkang lumampah ing salebeting Roh boten badhe pasrah dhateng bab ingkang ngalang-alangi panyurunging Roh (“nyirep Roh” kados ingkang kacariosaken ing 1 Tesalonika 5:19) nanging kosokwangsulipun piyambakipun badhe kapenuhan Roh Suci (Efesus 5:18-21). Kadospundi punika kapenuhan Roh Suci? Wiwitanipun, Gusti Allah ingkang milih prastawa kados dene ing Prajanjian Lawas. Panjenenganipun milih pribadi sarta kadadosan ingkang katemtokaken ing Prajanjian Lawas kangge maringi pribadi kalawau Panjenengan-ipun milih kangge nyampurnakaken pakaryan ingkang dipun kersakaken katindakaken (Purwaning Dumadi 41:38; Pangentasan 31:3; Wilangan 24:2; 1 Samuel 10:10; lsp.). Kula pitados bilih wonten katerangan ing Efesus 5:18-21 lan Kolose 3:16 bilih Gusti Allah milih menuhi tiyang ingkang ngraosaken piyambak Pangandikanipun Gusti Allah minangka bukti saking kanyatan bilih akibat saking saben pangraos ing ayat-ayat punika samikemawon. Lajeng, punika mbeta kita dhateng sumber ingkang salajengipun.

(2) Sabdanipun Gusti Allah, Kitab Suci – 2 Timotius 3:16-17 nyariosaken bilih Gusti Allah sampun maringi kita Sabdanipun supados ngjangkepi anggen kita nindakaken bab ingkang sae. Mucal kita kadospundi gesang lan pitados dhateng punapa, punika saestu nyata tumrap kita manawi kita sampun milih margi ingkang lepat, punika mitulungi kita wangsul dhateng margi ingkang leres, sarta mitulungi kita gesang wonten ing margi punika. Kados dene ingkang kapratelakaken ing Ibrani 4:12, gesang kanthi kakiyatan ingkang ageng sarta saged rumesep ing manah kita kangge mbasmi bab-bab ingkang paling lebet ingkang pawicantenan sacara manungsa boten saged nglangkungi. Panyerat kitab Jabur carios bab ewah-ewahan kakiyataning gesangipun wonten ing Jabur 119:9,11,105 sarta ayat-ayat sanesipun. Yosua inggih ngandika bilih kuncining kamenanganipun ngatasi mengsah-mengsahipun (satunggaling pasemon tumrap paperanganing karohanen kita) punika boten nyupekaken sumber punika nanging langkung dhateng semedi (meditasi) ing wanci siang lan dalu satemah piyambakipun saged nglampahi. Punika ingkang dipun tindakaken, malah ing wekdal punapa ingkang kaparintahaken dening Gusti Allah dhumateng piyambakipun boten damel raos kaprajuritan, sarta punika inggih kuncinipun kamenanganipun ing paperangan-ipun tumrap Tanah Prajanjian.

Sumber punika biasanipun kita sepelekaken. Kita ngatingalaken pakurmatan kita sarana mbeta Kitab Suci kita ing gereja utawi maos renungan padintenan utawi maos satunggal bab saben dinten, nanging kita gagal ngapalaken utawi nggegilut sarta matrapaken ing salebeting gesang kita, ngakeni dosa kita kados ingkang dipun cariosaken ing pamaos kita kalawau. Kita asring kados tiyang boten purun nedha utawi kemaruk nalika kita ngadhepi Kitab Suci. Kita namung nggegilut sauntawis cekap kangge gesang karohanen kita lumantar “nedha saking Sabdaning Gusti Allah” mawi cara kesah dhateng gereja (nanging boten nate nggegilut kanthi cekap supados karohanen kita kiyat/sehat, saya mindhak sae minangka tiyang Kristen). Utawi kita asring “nedha” Sabdaning Gusti Allah punika nanging boten nate nggegilut kanthi dangu supados ngangsalaken gizi karohanen ingkang cekap saking anggen kita nggegilut Pangandikaning Gusti Allah punika.

Punika wigatos manawi panjenengan dereng nindakaken nyinaoni Pangandikanipun Gusti Allah kanthi saestu ing sadinten-dinten, sarta dereng ndadosaken ing padintenan panjenengan ngapalaken ayat-ayat ingkang gumathok ing manah ingkang katindakaken dening Roh Suci, mila panjenengan kedah miwiti ndadosaken bab punika minangka satunggaling bab ingkang kedah katindakaken ing padintenan panjenengan. Ugi kausulaken supados miwiti damel cathetan (punapa ing komputer manawi panjenengan ngetik langkung cepet katimbang nyerat mawi tangan) utawi ing satunggaling buku cathetan, lan sapanunggalanipun. Punika dadosa satunggaling padamelan padintenan lan sampung nilaraken Pangandikanipun Gusti Allah ngantos panjenengan nyerat bab ingkang panjenengan pethik saking ayat-ayat punika. Kula asring nyathet pandonga pandonga dhumateng Gusti Allah supados Gusti Allah ngewahi kula ing bab-bab kados ingkang kapangandikakaken dhateng kula langkung Sabdanipun. Kitab Suci punika alat ingkang dipun agem dening Roh Suci ing salebeting gesang kita sarta gesanging tiyang sanes (Efesus 6:17), bab ingkang dasar lan wigatos sanget minangka tameng ingkang kaparingaken Gusti Allah dhumateng kita supados kita ginakaken ing paperangan rohani kita (Efesus 6:12-18).

(3) Pandonga – Punika bab sumber sanes ingkang perlu ingkang sampun kaparing-aken dening Gusti Allah. Kaliyan malih, punika sumber ingkang asring kaucapaken dening tiyang Kristen nanging awis-awis katindakaken. Kita gadhah kempalan pandonga, wekdal kangge ndedonga, lan sapanunggalanipun, nanging kita boten manggih punika kaginakaken kados dene ingkang katuladakaken dening gereja wiwitan (Lelakune Para Rasul 3:1; 4:31; 6:4; 13:1-3, lan sapanunggalanipun). Paulus makaping-kaping nyebut kadospundi piyambak-ipun ndedonga kangge paladosanipun. Makaten ugi ingkang kedah kita tindakaken, manawi kita piyambak, migunakaken sumber agung ingkang sumadiya tumrap kita. Awit Gusti Allah sampun maringi kita prajanji ingkang endah bab pandonga (Matius 7:7-11; Lukas 18:1-8; Yokhanan 6:23-27; 1 Yokhanan 5:14-15, lan sapanunggalanipun). Kaliyan malih, Paulus nglebetaken punika wonten ing bagianipun kangge nyiapaken paperangan karohanen (Efesus 6:18)!

Sapinten wigatosipun? Manawi panjenengan ningali malih dhateng Petrus, panjenengan enget pangandikanipun Kristus dhumateng piyambakipun wonten ing Taman Getsemane saderengipun panyelakipun Petrus. Ing mrika, nalika Gusti Yesus ndedonga, Petrus tilem. Gusti Yesus nggugah piyambakipun sarta ngandika, “Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe aja tumiba ing panggodha. Roh iku pancen cumadhang, nanging daging iku ringkih” (Matius 26:41). Panjenengan, kados dene Petrus, kepengin nindakaken punapa ingkang sae nanging boten gadhah kakiyatan. Kita perlu tetep ndherek lan ngupados pepengetipun Gusti Allah, tetep nothok kori, tetep nyenyuwun ... dene Panjenenganipun badhe maringi kita kakiyatan ingkang kita perlokaken (Matius 7:7f.). Nanging kita perlu ngaturi langkung saking pangucaping tutuk ingkang prasaja tumrap sumber punika.

Kula boten criyos bilih pandonga punika gaib. Boten. Gusti Allah punika ngeram-eramaken. Pandonga punika pangaken ingkang prasaja saking kawontenan kita ingkang pas-pasan dene panguwaosing Gusti Allah punika tanpa wates sarta ndherek Panjenenganipun punika kangge nampeni kakiyatan supados nindakaken punapa ingkang PANJENENGANIPUN kersakaken tumrap kita (sanes punapa ingkang KITA kepengini) (1 Yokhanan 5:14-15).

(4) Gereja – Sumber ingkang pungkasan punika satunggal malih ingkang kita upakara nanging lajeng kita supekaken. Nalika Yesus ngintun para sakabatipun, Panjenenganipun ngutus para sakabat kalih-kalih (Matius 10:1). Nalika kita maos bab lelampahan para rasul wonten Lelampahaning Para Rasul, para sakabat kalawau boten kesah piyambakan ing satunggal wekdal, nanging rombongan ingkang dumados saking kalih utawi langkung. Yesus ngandika bilih ing pundi kalih utawi tiga tiyang makempal wonten ing Asmanipun, Panjenenganipun inggih wonten ing satengahipun (Matius 18:20). Panjenenganipun ngutus kita supados boten mundur saking pasadherekan kados ingkang katindakaken dening sawetawis tiyang nanging migunakaken wekdal punika supados sami ngiyataken ing salebeting sih katresnan sarta pandamel ingkang sae (Ibrani 10:24-25). Panjenenganipun dhawuh supados kita ngakeni kalepatan kita dhateng sesami (Yakobus 5:16). Wonten ing waosan ingkang wicaksana ing Prajanjian Lawas, kita dipun pangandikani bilih tosan nglandepaken tosan, tiyang nglandepaken sesaminipun (Wulang Bebasan 27:17). “Tali telu ora gampang dipedhot.” Wonten kakiyatan ing cacah ingkang kathah ( Kohelet 4:11-12).

Sawetawis ingkang kula sumurupi sampun manggih sadherek jaler utawi sadherek estri wonten ing Sang Kristus (manawi panjenengan estri) ingkang sesambetan langkung telepon utawi pepanggihan lan rerembagan sesarengan kadospundi anggenipun sami tumindak ing salebeting lelampahaning kakristenanipun, kadospundi manawi sami gadhah sesanggen, lan sapanunggalanipun sarta sami ndongakaken satunggal lan satunggalipun lan tanggeljawab salebeting nindakaken Pangandikanipun Gusti Allah tumrap pasadherekan, lan sapanunggalanipun.

Kadang-kadang ewah-ewahan punika dhateng kanthi cepet. Kadang-kadang, wonten ing laladan sanes, dhateng langkung alon. Nanging Gusti Allah sampun prasetya dhateng kita bilih manawi kita migunakaken sumber saking Panjenenganipun, Panjenenganipun BADHE ngewahi gesang kita.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kadospundi kula saged ngungguli dosa ing salebeting gesang Kakristenan kula?