Punapa punika kawicaksananipun Gusti Allah? Punapa ingkang kakersakaken dening Gusti Allah?




Pitaken: Punapa punika kawicaksananipun Gusti Allah? Punapa ingkang kakersakaken dening Gusti Allah?

Wangsulan:
Kabar kabingahan, ingkang kita cobi kangge mangsuli pitaken punika, inggih punika bilih woten kathah bab ingkang saged kita panggihi bab Gusti Allah! Tiyang-tiyang ingkang nguji katerangan punika mbokmanawi manggih pitulungan ing waosan kapisan langkung sadayanipun; lajeng wangsul malih lan nitipriksa bagian ayat-ayat Kitab Suci ingkang kapilih tumrap katerangan ing salajengipun. Rujukan ayat-ayat Kitab Suci perlu sacara wetah, awit tanpa panguwaosing Kitab Suci, kempalan tembung-tembung punika boten badhe langkung sae katimbang pikiraning manungsa; ing pundi lantaran tembung-tembung punika piyambak awis-awis klintu ing pangertosan bab Gusti Allah (Ayub 42:7). Kangge mratelakaken bilih punika wau wigatos tumrap kita nyobi mangertos bab punapa ingkang dipun kersakaken Gusti Allah punika satunggaling katerangan ingkang nganggep alit samukawis ingkang ageng sanget.

Namung punapa ingkang sampun kapilih dening Gusti Allah saking Panjenenganipun piyambak supados kasumurupan saged dipun sumurupi. Satunggal ing antawisipun kawicak-sananipun Gusti Allah, utawi kaunggulanipun inggih punika “pepadhang”, ingkang tegesipun bilih Panjenenganipun ngatingalaken Sariranipun ingkang kacethakaken saking Pribadinipun piyambak (Yesaya 60:19, Yakobus 1:17). Kasunyatanipun bilih Gusti Allah ingkang sampun ngatingalaken seserepan bab Panjenenganipun boten badhe muspra, supados saking antawis kita sampun ngantos kantun anggen kita lumebet ing palereman-ipun Gusti Allah (Ibrani 4:1). Titah, Kitab Suci, lan Pangandika manjilma (Yesus Kristus) badhe mitulungi kita supados sumerep punapa ingkang dipun kersakaken Gusti Allah.

Sumangga kita miwiti sarana pangertosan bilih Gusti Allah punika ingkang nitahaken kita sarta bilih kita punika bagian saking titahipun (Purwaning Dumadi 1:1; Jabur 24:1). Gusti Allah ngandika bilih manungsa katitahaken miturut gegambaraning Panjenenganipun. Manungsa punika titah ingkang inggil saking sadaya titah sarta kaparingan panguwaos tumrap sadaya titah kalawau (Purwaning Dumadi 1:26-28). Sadaya ingkang tumitah risak karana manungsa dhumawah ing dosa nanging taksih ngatingalaken sesawangan sawetawis saking pakaryaning Gusti Allah (Purwaning Dumadi 3:17-18; Rum 1:19-20). Sarana ngengeti jembaring tumitah, karuwetan, kaendahan, sarta dhawuh kita saged gadhah raos kasengsem dhumateng Gusti Allah.

Maos sawetawis asmanipun Gusti saged mitulungi kita ngupados punapa ingkang dipun kersakaken Gusti Allah. Inggih punika kados ingkang kaserat ing ngandhap:

Elohim – Ingkang kiyat, kaallahan (Purwaning Dumadi 1:1)
Adonal – Gusti, ngatingalaken sesambetan antawisipun Tuan tumrap abdi (Pangentasan 4: 10, 13)
El Elyon – Ingkang Paling Inggil, ingkang paling kiyat (Purwaning Dumadi 14:20)
El Roi – Ingkang paling kiyat ingkang mirsani (Purwaning Dumadi 16:13)
El Shaddai – Allah ingkang Mahakuwaos (Purwaning Dumadi 17:1)
El Olam - Allah kang langgeng (Yesaya 40:28)
Yahweh – TUHAN “Aku”, tegesipun Allah ingkang wonten piyambak ingkang langgeng (Pangentasan 3:13, 14).

Samangke kita badhe nglajengaken kanthi nitipriksa kathah saking kawicaksananing Gusti Allah; Allah ingkang langgeng, tegesipun Panjejenganipun boten wonten wiwitanipun sarta bilih Panjenenganipun punika wonten ing salami-laminipun. Panjenenganipun punika langgeng, tanpa wates ( Pangandharing Toret 33:27; Jabur 90:2; 1 Timotius 1:17). Gusti Allah punika tetep, tegesipun Panjenenganipun boten ewah; punika tegesipun bilih Gusti Allah punika saestu saged dipun gondheli sarta dipun pitados (Maleachi 3:6; Wilangan 23:19; Jabur 102:26, 27). Gusti Allah punika boten wonten tandhinganipun, tegesipun boten wonten satunggala tiyang ingkang kados Panjenenganipun ing pakaryanipun punapa dene kawontenanipun; Panjejenganipun punika tanpa tandhing sarta sampurna (2 Samuel 7:22; Jabur 86:8; Yesaya 40:25; Matius 5:48). Gusti Allah punika boten saged kanyana, tegesipun Panjenenganipun punika boten saged dipun kinten-kinten, boten saged katlisik, pamahaman bab Panjenenganipun sadaya boten saged dipun silemi.

Gusti Allah punika adil, tegesipun Panjenenganipun sanes pribadi ingkang remen ngatingalaken pilih kasih (Pangandharing Toret 32:4; Jabur 18:30). Gusti Allah punika Mahakuwaos, tegesipun Panjenenganipun nguwaosi sadaya; Panjenenganipun saged nindakaken punapa kemawon ingkang dipun kersakaken, nanging punapa ingkang dipun tindakaken Gusti Allah badhe tansah condhong kaliyan sifatipun (Wahyu 19:6; Yeremia 32:17, 27). Gusti Allah punika wonten ing pundi-pundi, tegesipun Panjenenganipun tansah wonten ing pundia panggenan; punika boten ateges bilih Gusti Allah punika sadaya ingkang pinanggih (Jabur 139:7-13; Yeremia 23:23). Gusti Allah punika maha mirsani, tegesipun Panjenenganipun pirsa bab ingkang kapengker, sapunika, sarta wekdal ing ngajeng, malah punapa ingkang kita batos ing saben wekdal ingkang kaparingaken; awit Panjenenganipun pirsa sadaya samukawis pangadilanipun badhe tansah katindakaken sacara adil (Jabur 139:1-5; Wulang Bebasan 5:21).

Gusti Allah punika satunggal, tegesipun boten namung bilih boten wonten sanesipun, nanging ugi bilih Panjenenganipun piyambak ingkang saged nyembadani pepenginan lan kabetahan ingkang paling lebet saking manah kita, sarta Panjenenganipun piyambak ingkang pantes nampi panyembah lan pangabekti kita (Pangandaring Toret 6:4). Gusti Allah punika mahaluhur, tegesipun bilih Gusti Allah boten saged lan boten badhe nindakaken bab ingkang lepat; punika awit kawicaksanan lan kaadilanipun satemah supados dosa-dosa kita kaapunten, Gusti Yesus kedah ngalami pangadilanipun Gusti Allah nalika dosa kita katanggelaken dhumateng Panjenenganipun (Pangentasan 9:27; Matius 27:45-46; Rum 3:21-26).

Gusti Allah mahakuwaos, tegesipun Panjenenganipun punika ingkang pinunjul; sadaya titahipun samya, sengaja punapa dene boten sengaja, boten saged ngalang-alangi kersanipun (Jabur 93:1; 95:3; Yeremia 23:20). Gusti Allah punika roh, tegesipun Panjenenganipun punika boten saged katingali dening mripat (Yokhanan 1:18; 4:24). Gusti Allah punika Tritunggal, tegesipun Panjenenganipun punika tiga ingkang nunggil dados satunggal, hakekatipun sami, sami ing kakiyatan lan kamulyanipun. Ngengetaken bilih ing ayat Kitab Suci ingkang kawitan kasebut bilih ‘asmanipun’ tunggal sanadyan punika ngengingi tiga Pribadi ingkang cetha- “Sang Rama, Sang Putra, Sang Roh Suci” (Matius 28:19; Markus 1:9-11). Gusti Allah punika kaleresan, tegesipun bilih Panjenenganipun nyocoki kaliyan sadaya Panjenenganipun kalawau, Panjenenganipun boten badhe saged kasogok lan boten saged goroh (Jabur 117:2; 1 Samuel 15:29).

Gusti Allah punika suci, tegesipun bilih Panjenenganipun kapisah saking sadaya kasusilan ingkang nistha sarta memengsahan tumraping kanisthan. Gusti Allah mirsani sadaya kajahatan ingkang damel Panjenenganipun duka; latu biasanipun kasebut ing ayat Kitab Suci sami kaliyan kasucian. Gusti Allah dipun sumurupi kados dene latu. Gusti Allah punika welas asih – ingkang kalebet Kasaenanipun, kasaenaning penggalih, kamirahan, lan katresnan – ingkang arupi pangandika ingkang maringi gambaran saking tegesing Kasaenanipun. Manawi sanes karana sih rahmatipun Gusti Allah mila sifating Allah ingkang sanes punika badhe damel kita wonten ing sak jawinipun Panjenenganipun. Sukur dene karana boten kados makaten kawontenanipun, awit Panjenenganipun ngersakaken mangertosi kita satunggal lan satunggalipun sacara pribadi (Pangentasan 34:6; Jabur 31:19; 1 Petrus 1:3; Yokhanan 3:16; Yokhanan 17:3).

Punika namung awit gumolonging manah ingkang ngupados wangsulan saking pitaken ukuraning Gusti Allah. Mugi ndadosna panyurung ingkang ageng kangge nglajengaken pangupados bab Gusti Allah (Yeremia 29:13).



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa punika kawicaksananipun Gusti Allah? Punapa ingkang kakersakaken dening Gusti Allah?