Punapa kaallahanipun Kristus wonten sesambetanipun kaliyan Kitab Suci?




Pitaken: Punapa kaallahanipun Kristus wonten sesambetanipun kaliyan Kitab Suci?

Wangsulan:
Kajawi pangandikanipun Gusti Yesus ingkang teges bab Sariranipun, para sakabat ugi ngakeni kaallahanipun Kristus. Para sakabat mratelakaken bilih Yesus kagungan panguwaos kangge paring pangapunten tumrap dosa – satunggaling bab ingkang namung saged katindakaken dening Gusti Allah, minangka Allah ingkang dipun sakiti dening dosa (Lelakune Para Rasul 5:31; Kolose 3:13, bandingaken Jabur 130:4; Yeremia 31:34). Nutup sesambetan kaliyan pratelan ingkang pungkasan punika, Yesus ugi ngandika badhe “ngadili sadaya ingkang gesang miwah ingkang pejah” (2 Timotius 4:1). Tomas mangsuli unjuke: dhuh Gusti kawula, Allah kawula!” (Yokhanan 20:28). Paulus ngaturi Gusti Yesus “Allah kang Mahaagung sarta Pamarta” (Titus 2:13), sarta mratelakaken bilih saderengipun Gusti Yesus manjilma, Panjenenganipun gesang “ngagem sipating Allah” (Filipi 2:5-8). Panyerat Kitab Ibrani nyariosaken bab Gusti Yesus bilih “Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun” (Ibrani 1:8). Yokhanan nyariosaken bilih, “Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah” (Yokhanan 1:1). Conto-conto ayat Kitab Suci punika memucal bab kaallahanipun Kristus saged dados kathah (sumangga ningali Kitab Wahyu 1:17; 2:8; 22:13; 1 Korinta 10:4; 1 Petrus 2:6-8; bandhingaken Jabur 18:2; 95:1; 1 Petrus 5:4; Ibrani 13:20), nanging tetep satunggal saking antawisipun cekap kangge nedahaken bilih Kristus punika katingal kaallahanipun dening para pandherekipun.

Gusti Yesus inggih kaaturan gelar ingkang unik Yahweh (asma ingkang resmi saking Gusti Allah) ing Prajanjian Lawas. Gelar ing Prajanjian Lawas “Panebus” (Jabur 130:7; Hosea 13:14) kaagem dening Gusti Yesus wonten ing Prajanjian Anyar (Titus 2:13; Wahyu 5:9). Yesus kasebut Immanuel (“Gusti nunggil kaliyan kita” ing Matius 1). Ing Zakharia 12:10, Yahweh ingkang ngandika, “Satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe.” Nanging Prajanjian Anyar matrapaken punika tumrap pangurbananipun Gusti Yesus (Yokhanan 19:37; Wahyu 1:7). Manawi punika Yahweh ingkang kasuduk lan kapandeng, lan Yesus punika satunggal-satunggalipun ingkang kasuduk lan kapandeng, mila Yesus punika Yahweh. Paulus napsiraken Yesaya 45:22-23 kados dene migunakaken Yesus wonten ing Filipi 2:10-11. Langkung tebih, asmanipun Yesus kaginakaken kajawi Yahweh ing salebeting pandonga “Sih-rahmat anaa ing kowe lan tentrem rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus” (Galatia 1:3; Efesus 1:2). Punika badhe dados pitenah bilih Kristus punika sanes allah. Asma Yesus muncul sesarengan Yahweh nalika Yesus ngersakaken kabaptis “wonten ing asmanipun (tunggal)Sang Rama lan Sang Putra lan Sang Roh Suci” (Matius 28:19; pirsani ugi 2 Korinta 13:14. Ing kitab Wahyu Yokhanan ngandika sadaya tumitah memuji Sang Kristus (Sang Cempe) – mila Yesus boten kalebet ing antawisipun ingkang tumitah (5:13).

Pakaryan ingkang namung saged kasampurnakaken dening Gusti Allah dipun pitados-aken dhumateng Gusti Yesus. Gusti Yesus boten namung wungu saking seda (Yokhanan 5:21; 11:38-44), sarta paring pangapuntening dosa (Lelakune Para Rasul 5:31; 13:38), Panjenenganipun ingkang ngasta lan nyanggi jagad (Yokhanan 1:2; Kolose 1:16-17)! Bab punika malah damel langkung kiyat tumraping satunggal tetimbangan bilih Yahweh ngandika Panjenenganipun piyambakan sadangunipun nitahaken (Yesaya 44:24). Langkung malih, Kristus kagungan kawicaksanan ingkang namung saged dipun gadhahi dening sipating kaallahan: kalanggengan (Yokhanan 8:58), wonten ing pundia papan (Matius 18:20, 28:20), maha mirsani (Matius 16:21), maha kuwaos (Yokhanan 11:38-44).

Sapunika, wonten satunggal bab ingkang negesaken Gusti Allah utawi damel tiyang bodho manawi pitados dhateng bab ingkang leres, sarta sadaya bab sanesipun kangge mbuktekaken punika wau. Kristus naweni minangka bukti tumrap punapa ingkang katerangaken bab kaallahanipun kathah kaelokan lan malah wungu saking seda. Namung sawetawis kaelokan-kaelokaning Gusti Yesus kaleblet ngewahi toya dados anggur (Yokhanan 2:7), tindak ing sanginggiling toya (Matius 14:25), nikelaken barang-barang (Yokhanan 6:11), maluyakaken tiyang wuta (Yokhanan 9:7), tiyang pincang (Markus 2:3), sarta tiyang sakit (Matius 9:35; Markus 1:40-42), malah ugi nggesangaken tiyang pejah (Yokhanan 11:43-44; Lukas 7:11-15; Markus 5:35). Kaliyan malih, Kristus piyambak inggih wungu saking seda. Tebih saking punapa ingkang dipun wastani sirnanipun lan munculipun mitologi saking panyembah brahala, boten kados patangen ingkang saestu dipun akeni dening agami sanes – sarta boten wonten pangaken sanes ingkang gadhah panegesan kathah kados dene ing Kitab Suci. Miturut Dr. Gary Habermas, sakirang-kirangipun wonten kalihwelas (12) bukti sejarah ingkang malah kritikan para sarjana sanes-Kristen ingkang ngakeni:

1. Yesus seda karana panyaliban.
2. Panjenenganipun kakubur.
3. Sedanipun nyebabaken para sakabat nglokro sarta kecalan pangajeng-ajeng.
4. Pasareanipun Gusti Yesus ingkang katutup (utawi dipun cariosaken katutup) dados kosong ing sawetawit dinten sasampunipun.
5. Para sakabat pitados bilih sami ngalami nyumurupi wungunipun Yesus.
6. Sasampunipun punika para sakabat sami ewah saking anggenipun mangu-mangu dados sami pitados kanthi mantep.
7. Pawartos punika ingkang dados pusating piwucal ing wiwitaning Pasamuwan.
8. Pawartos punika kawucalaken ing Yerusalem.
9. Minangka asiling piwucal punika, Pasamuwan lair lan mindhak ageng.
10. Dinten wungunipun, Minggu, kagantos Sabat (Sabtu) dinten ingkang utami minangka pangabekti.
11. Yakobus, ingkang mangu-mangu, gantos agami nalika piyambakipun ugi pitados bilih piyambakipun nyumurupi wungunipun Yesus.
12. Paulus, mengsahipun tiyang Kristen, gantos agami lumantar anggenipun ngalami ingkang dipun pitadosi nyumurupi wungunipun Yesus.

Malah manawi sok sintena ingkang dados tokoh ing deretan ingkang mangu-mangu, namung sakedhik ingkang betah bukti bab pawungon sarta bukti bab piwucal: Sedanipun Yesus, kakubur, pawungon, sarta seserepan (1 Korinta 15:1-5). Sanadyan mbokmanawi wonten kathah teori ingkang nerangaken satunggal utawi kalih bukti ing nginggil, namung pawungon ingkang nerangaken sarta nyariosaken tumrap sadaya tiyang. Para pangritik ngakeni bilih para sakabat nyariosaken sami sumerep wungunipun Yesus. Boten wonten ingkang goroh punapa dene impen saged ngewahi tiyang nindakaken caraning patangen. Ingkang wiwitan, kauntungan punapa ingkang badhe sami dipun gayuh? Kakristenan punika boten kondang sarta mesthi boten ndhatengaken bandha tumrap tiyang. Ingkang kaping kalih, tiyang ingkang goroh boten badhe dados martir ingkang sae. Boten wonten katerangan ingkang langkung sae katimbang patangen tumrap pepenginanipun para sakabat pejah inggih pejah ingkang nggegirisi awit kapitadosanipun. Mila, kathah tiyang pejah awit saking goroh bilih ingkang kapikiraken punika leres, nanging boten wonten tiyang ingkang pejah awit punapa ingkang dipun sumurupi punika boten leres.

Wusananipun: Kristus ngandika Panjenenganipun punika Yahweh, Panjenenganipun asipat Allah (boten namung “satunggaling allah” – nanging Allah ingkang Leres), para pandherekipun (tiyang Yahudi ingkang sampun nyembah brahala ingkang nggegirisi) pitados dhumateng Panjenenganipun sarta pasrah ngaten kemawon dhumateng Panjenenganipun. Sang Kristus mbuktekaken pangandikanipun bab sipating kaallahanipun langkung kaelokan-kaelokan kalebet ewah-ewahan jagading patangen. Boten wonten hipotesa ingkang saged nerangaken kanyatan punika.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa kaallahanipun Kristus wonten sesambetanipun kaliyan Kitab Suci?