settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Parancapan Punika Dosa Miturut Kitab Suci?

Wangsulan


Kitab Suci boten nate nyebataken kanthi cetha bilih parancapan punika dosa. Ugi boten wonten pitakenan kados punapa tumindak ingkang tumuju dhateng parancapan punika dosa. Parancapan punika dipun wiwiti saking pikiran ingkang kebak ing napsu/birahi, rangsangane seks, sarta wewayanganing cecabulan. Punika sebabipun dipun sambetaken kaliyan dosa. Manawi dosa karana birahi sarta cecabulan dipun lirwakaken sarta dipun tanggulangi bab parancapan badhe boten dados prakawis.

Kitab Suci mratelakaken supados kita nebihi thukulipun tumindak jina ingkang nerak kasusilan (Efesus 5:3). Menawi kita badhe mangertos punapa ingkang kita tindakaken punika satunggaling dosa napa boten, kita saged mangertos kanthi ndadar manah kita piyambak, menapa kita rumaos mongkok menawi kita nyariosaken dhumateng tiyang sanes bab punapa kemawon ingkang sampun kita tindakaken. Manawi prakawis punika damel wirang/isin menawi konangan (kangertosan tiyang sanes), mbok bilih tumindak punika dosa. Kosak wangsulipun menawi kita kanthi jujur (gumolong ing manah) nyuwun dhumateng Gusti supados mberkahi sarta migunakaken bab ingkang kasengker kangge tujuan ingkang sae tumrapipun Gusti, punika ateges boten dosa. Parancapan punika boten pantes damel manah kita mongkok utawi atur panuwun dhumateng Gusti.

Kitab Suci mucal dhumateng kita, “Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah” (1 Korinta 10:31). Manawi ing manah kita wonten raos mangu-mangu babagan parancapan, punika kedah dipunaturaken dhumateng Gusti. “Nanging sing sapa mangan kanthi mangu-mangu, iku ateges wis kaukum, awit anggone nindakake iku ora dilambari pracaya. Mangka samubarang kang ora kalambaran pracaya iku dosa” (Rum 14:23). Kula boten ningali kenging punapa, miturut Kitab Suci, parancapan saestu saged kanimbang ngluhuraken Gusti Allah.

Langkung tebih, kita perlu ngenget-engeti bilih badan kita, makaten ugi roh kita, sampun katebus lan dados kagunganipun Gusti Allah. “Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe? Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah sarana badanmu” (1 Korinta 6:19-20).

Manawi mekaten, punapa ingkang badhe kita tindakaken? Kula pitados bilih parancapan punika tumindak ingkang dosa miturut Kitab Suci. Kula ugi pitados bilih parancapan punika boten ngremenaken Gusti, pramila kita kedah nyingkiri tumindak ingkang nerak kasusilan punika.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Parancapan Punika Dosa Miturut Kitab Suci?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries