Punapa pangandikanipun Kitab Suci ngengingi botoh? Punapa botoh punika dosa?




Pitaken: Punapa pangandikanipun Kitab Suci ngengingi botoh? Punapa botoh punika dosa?

Wangsulan:
Botoh saged dipun tegesaken minangka “notohaken arta kangge nyobi nikelaken arta kanthi totohan.” Kitab Suci boten sacara rinci nyupatani botoh, totohan, utawi lotere. Kitab Suci ngengetaken kita, awit saking punika, supados nebih saking nresnani arta (1 Timotius 6:10; Ibrani 13:5). Ayat Kitab Suci ugi njurungi kita supados nebih saking ngupados “kasugihan kanthi cepet” (Wulang Bebasan 13:11; 23:5; Kohelet 5:10). Botoh saperangan ageng mesthi tujuanipun karana remen dhateng arta lan boten saged kaselaki nggodha tiyang mawi janji cepet lan gampil sugih.

Punapa ingkang lepat kaliyan botoh? Botoh punika bab ingkang angel awit manawi katindakaken sacara limrah lan namung manawi wonten wekdal, punika mbucal arta, nanging punika boten mbetahaken “kajahatan”. Manungsa nelasaken arta ing sadaya prakawis. Botoh boten langkung utawi kirang saking nelasaken arta katimbang ningali bioskop (ing kathah bab), nedha tetedhan ingkang boten perlu awis, utawi belanja barang ingkang boten aji. Ing wekdal ingkang sami, nyatanipun bilih arta katelasaken kangge bab-bab sanes ingkang boten ngleresaken botoh. Arta boten samesthinipun katelasaken. Kakathahan arta kedahipun kasimpen kangge kabetahan pakaryanipun Gusti Allah ing dinten wingking – boten katelasaken kanthi botoh.

Botoh ing Kitab Suci: Sanadyan Kitab Suci boten sacara cetha nyebut botoh, nanging nyebutaken dolanan kanthi “kauntungan” utawi “wekdal.” Minangka contonipun, mbucal undi kados ingkang dipun gunakaken ing Kaimaman kangge milih antawis ngurbanaken mendo lan kurban tiyang. Yosua mbucal undhi kangge nemtokaken bagian siti tumrap warni-warni suku bangsa. Nehemia mbucal undhi kangge nemtokaken sinten ingkang badhe mapan ing sajawining tembok Yerusalem lan sinten ingkang boten. Para rasul mbucal undhi kangge nemtokaken gantosipun Yudas. Wulang Bebasan 16:33 mratelakaken, “Undhi kabuang ing pangkon, nanging sakehing putusane iku saka Sang Yehuwah.” Ing Kitab Suci boten wonten bilih botoh utawi “wekdal” kaginakaken kangge seneng-seneng utawi dipun paringaken minangka satunggaling latihan ingkang pinanggih ing nalar tumrap para pandherekipun Gusti Allah.

Kasino lan lotere: Kasino migunakaken sadaya tiyang saking perangan pangrancang sesadean kangge narik kawigatosaning tiyang ingkang remen botoh supados notohaken artanipun sakathah-kathahipun. Tiyang punika asring nawekaken alkohol kanthi mirah utawi malah boten mbayar, ing pundi njurungi para tiyang ingkang remen mabuk, sarta mawi cara punika dipun kirangi kawasisanipun kangge damel pancasan ingkang wicaksana. Sadaya samukawis ing kasino punika dipun tata sacara sampurna supados ndhatengaken arta ingkang kathah cacahipun lan boten badhe nyukani punapa-punapa, kajawi kangge kakareman ingkang muspra. Lotere ngupados kangge nggambaraken bilih piyambakipun punika satunggaling cara kangge nyekapi kabetahan pasinaon lan utawi kabetahan sosial. Awit saking punika, panitipriksa mratelakaken bilih tiyang ingkang nyengkuyung lotere biasanipun tiyang ingkang sakirang-kirangipun saged gadhah pamedal supados migunakaken artanipun kangge tumbas karcis lotere. Pamikut saking “ndhatengaken arta kanthi cepet” punika ugi panggodha ageng kangge nglawan tiyang ingkang semplah. Wekdal kangge mimpangaken lotere alit sanget, ing pundi angsal-angsalipun tumrap tiyang kathah gesang dados risak.

Kenging punapa pamedal saking lotere boten ngremenaken penggalihipun Gusti Allah: Kathah tiyang mratelakaken main lotere utawi botoh supados saged ndanakaken artanipun kangge gereja, utawi kangge bab-bab ingkang sae sanesipun. Sanadyan punika mbokmanawi alasan ingkang sae, kanyatanipun bilih sawetawis tiyang migunakaken kame-nangan saking botoh kangge tujuan ingkang saleh. Paniti priksa nedahaken bilih kathah sanget tiyang ingkang mimpang lotere malah kawontenan artanipun langkung awon ing sawetawis tahun sasampunipun mimpang jekpot katimbang saderengipun. Sawetawis, manawi wonten, saestu nyukakaken artanipun kangge bab-bab ingkang sae. Langkung tebih, Gusti Allah boten betah arta kita kangge wragad pakaryanipun ing jagad. Wulang Bebasan 13:11 ngandika, “Bandha kang gampang okehe, mesthi bakal suda nanging wong kang tlaten nglumpukake saka sethithik bakal dadi sugih.”

1 Timotius 6:10 nyariosaken dhateng kita, “Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha. Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.” Ibrani 13:5 mratelakaken, “Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Sun tilar”. Matius 6:24 mratelakaken, “Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti, sijine dtresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang mamon.”



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa pangandikanipun Kitab Suci ngengingi botoh? Punapa botoh punika dosa?