settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Pangandikanipun Kitab Suci Babagan Nggaret Badan (Tato)?

Wangsulan


Angger-angger wonten ing Prajanjian Lawas paring dhawuh dhateng tiyang Israel, “Sira aja nggaret-nggareti awakira marga kepaten lan sira aja gawe ciri-ciri ana ing badanira; Ingsun ini Yahuwah” (Kaimaman 19:28). Mila, sanadyan tiyang pitados ing wekdal punika boten wonten ing sangandhaping angger-angger ing Prajanjian Lawas (Rum 10:4; Galati 3:23-25; Efesus 2:15), kasunyatanipun bilih wonten dhawuh ingskang nglawan dhumateng tato satemah ndadosaken pitaken kita. Prajanjian Anyar boten ngandika punapa-punapa bab punapa tiyang pitados kedahipun punapa kedahipun boten damel tato.

Sesambetan kaliyan tato lan nggareti badan, panguji ingkang sae kangge nemtokaken inggih punika punapa kita saged kanthi jujur, ing salebeting manah ingkang tulus, nyuwun dhumateng Gusti Sang Yehuwah supados mberkahi sarta migunakaken padamelan ingkang mligi kangge tujuanipun Gusti piyambak ingkang sae. “Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia kowe nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah” (1 Korinta 10:31). Kitab Suci boten ngandika ingkang nglawan tato utawi nggareti badan, nanging ugi boten maringi dasar tumrap kita kangge pitados bilih Gusti marengaken kita damel tato utawi nggareti badan.

Babagan sanesipun kangge nimbang-nimbang inggih punika kasusilan. Kitab Suci paring dhawuh dhumateng kita supados mangangge ingkang susila (1 Timoteus 2:9). Satunggal pamanggih mangangge ingkang susila inggih punika ngyakinaken sadayanipun ingkang kedah katutupi dening rasukan cekap katutupi. Nanging, teges ingkang dhasar saking kasusilan inggih punika boten narik kawigatosan dhateng panjenengan. Tiyang ingkang ngangge panggangge ingkang susila kados makaten satemah boten narik kawitagosan tumrap tiyang kalawau. Tato sarta nggareti badan kathah-kathahipun mesthi narik kawigatosan. Ing pangertosan punika, tato lan nggareti badan boten susila.

Paugeran sacara Kitab Suci ingkang wigatos ing bab-bab ingkang boten katuju sacara rinci wonten ing Kitab Suci inggih punika bilih menawi wonten panggenan tumrap raos mangu-mangu bab punapa punika kaparengaken dening Gusti Allah, mila punika ingkang paling sae menawi boten migunakaken ing salebeting pandamel. “Mangka samubarang kang ora kalambaran pracaya iku dosa” (Rum 14:23). Kita perlu ngengeti bilih badan kita, punapa dene nyawa kita, sampun katebus lan dados kagunganipun Gusti. Sanadyan 1 Korinta 6:19-20 boten sacara cetha migunakaken tato utawi nggareti badan, punika maringi kita satunggaling paugeran, “Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe? Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu.”

Kaleresan ingkang ageng punika badhe mbekta sesambetan ingkang nyata tumrap punapa ingkang kita tindakaken lan dhateng pundi kita nglampahaken badan kita. Menawi badan kita punika kagunganipun Gusti Allah, kita kedahipun ngyakinaken kita ndarbeni palilahipun Sang Yehuwah ingkang cetha saderengipun kita damel tandha mawi tato lan nggareti badan.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Pangandikanipun Kitab Suci Babagan Nggaret Badan (Tato)?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries