Kenging punapa kula boten kaparengaken nglalu?




Pitaken: Kenging punapa kula boten kaparengaken nglalu?

Wangsulan:
Manah kula tumuju dhateng tiyang ingkang badhe mungkasi gesangipun piyambak sarana nglalu. Manawi panjenengan kalebet salah satunggal saking antawisipun, mila bab punika nglebetaken kathah pangraos ingkang boten gadhah pangajeng-ajeng lan rumaos boten migunani. Mbokmanawi panjenengan rumaos kadosdene panjenengan wonten ing luweng ingkang paling lebet, lan panjenengan mangu-mangu wonten satunggal sunaring pangajeng-ajeng ingkang saged mbekta bab ingkang langkung sae. Boten wonten sok sintena ingkang katingal migatosaken utawi mangertos saking pundi asal-usul panjenengan. Punapa gesang punika boten namung ingkang migunani kemawon .... utawi pancen makaten?

Ngirangi pangraosing batos (emosi) punika dipun raosaken dening tiyang kathah ing wekdal ingkang sami utawi sanesipun. Pitaken-pitaken ingkang kabekta ing batos kula nalika kula wonten ing luwenging batos (emosi) inggih punika, “Punapa punika saged dados karsanipun Gusti Allah, ingkang nitahaken kula?” “Punapa Gusti Allah punika sakalangkung alit kangge mitulungi kula?” “Punapa prakawis kula sakalangkung ageng tumrap Panjenenganipun?”

Kula remen nyariosaken dhumateng panjenengan bilih manawi panjenengan badhe mendhet sawetawis wekdal kangge nenimbang supados Gusti Allah saestu leres dados Gusti Allah ing gesang panjenengan sapunika, Panjenenganipun badhe mbuktekaken kadospundi saleresipun agenging Panjenenganipun punika! “Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal” (Lukas 1:37). Mbokmanawi cacat saking tatu kapengker sampun ngangsalaken sakalangkung ageng tumrap raos panolak utawi katilaraken. Punika saged mbekta dhateng raos mesakaken dhateng badan piyambak, kanepson, kasengitan, pikiran-pikiran utawi raos mendhem sengit, raos kuwatir ingkang boten sehat, lan sapanunggalan-ipun, ingkang nyebabaken prakawis-prakawis ing salebeting sesambetan panjenengan ingkang paling wigatos. Kadospundi kemawon, nglalu punika namung badhe mbekta dhateng karisakan tumrap nresnani tiyang ingkang nate panjenengan sakiti; tatuning pangraos ingkang kedah kabagi kaliyan sisaning gesangipun.

Kenging punapa panjenengan boten tumindak nglalu? Kanca, boten dados punapa sanajan kathah bab-bab awon ing salebeting gesang panjenengan, wonten Gusti Allah ingkang ngasihi ingkang ngantos-antos panjenengan supados Panjenenganipun mimpin panjenengan nglangkungi kawontenan semplahing manah panjenengan, lan medal dhateng pepadhanging Gusti Allah ingkang elok sanget. Panjenenganipun punika pangajeng-ajeng panjenengan ingkang saleresipun. Asmanipun Gusti Yesus.

Yesus punika, Putranipun Allah ingkang tanpa dosa, ingkang tepang panjenengan ingkang wonten ing panolakan lan pangina ing salebeting wekdal panjenengan. Nabi Yesaya, nyerat bab Panjenenganipun, “Panjenengane iku thukul kaya trubusan ana ing ngarsaning Yehuwah, tuwin kaya semen saka ing lemah garing. Ora bagus ing warna lan ora kagungan kaendahan kang njalari kita banjur padha nyawang, sarta ora kagungan rupi kang menginake kita. Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kang kulina nandhang gerah; banget anggone karemehaken nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku ya ora klebu etungan. Mangka sanyatane lelara kita kang disanggi lan kasangsaran kita kang dirembat, ewasamono kita padha ngira Panjenengane iku kena ing ipat-ipat kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah. Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarta marta saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras. Kita padha nglambrang kaya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ewadene Pangerang Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane” (Yesaya 53:2-6).

Kanca, sadaya punika kapikul dening Yesus Kristus supados panjenengan pikantuk pangapuntening sadaya dosa panjenengan! Sapinten kemawon awrating kalepatan ingkang panjenengan sanggi ing gesang panjenengan, mangertosa bilih Panjenenganipun badhe paring pangapunten dhateng panjenengan manawi panjenengan sumlondhoh ing manah nggetuni dosa (wangsul saking dosa panjenengan, tumuju dhateng Gusti). “Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun” (Jabur 50:15). Boten wonten prakawis ingkang sampun nate panjenengan tindakaken punika sakalangkung awon tumrap Gusti Yesus kangge paring pangapunten. Sawetawis abdi pilihan ing Kitab Suci nate nindakaken dosa ageng, kadosdene, mejahi (Musa), zinah (Raja Daud), sarta panyiksan badan lan batin (Rasul Paulus). Nanging, sadaya sami angsal pangapunten lan sami nampi kaluberaning gesang enggal wonten ing Gusti Allah. “Mugi Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula, sarta dosa kawula mugi Paduka ruwat” (Jabur 51:4). “Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar; kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka” (2 Korinta 5:17).

Kenging punapa panjenengan boten tumindak nglalu? Kanca, Gusti Allah jumeneng cumawis ndandosi punapa ingkang “risak” ... inggih punika, gesang panjenengan sapunika, ingkang kepengin panjenengan pungkasi sarana nglalu. Nabi Yesaya nyerat: “Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjaran marang wong kang pada kaukum, ngundhangake taun sih-rahmating Sang Yehuwah lan dina tumibane piwalesing Allah kita, nglipur sakehing wong kang nandhang susah, ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane” (Yesaya 61: 1-3).

Sumangga marek dhumateng Gusti Yesus, lan nyumanggakaken Panjenenganipun ndandosi kabingahan panjenengan sarta pigunanipun awit panjenengan pitados dhumateng Gusti Yesus kangge miwiti pakaryan enggal wonten ing gesang panjenengan. “Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan Roh ingkang santosa. “Temahan kawula badhe mulangaken margi Paduka dhateng para tiyang ingkang lampahipun nasar, supados tiyang dosa sami mratobata dhumateng Paduka. Dhuh Allah, Allahipun karahayon kawula, Paduka mugi karsaa nguwalaken kasula saking anggen kawula kasambutan rah, temah ilat kawula badhe surak-surak martosaken kaadilan Paduka. Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikan lambe kawula, supados cangkem kasula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka” (Jabur 51:12, 15-17).

Punapa panjenengan badhe nampi Gusti minangka Juruwilujeng sarta Pangen panjenengan? Panjenenganipun badhe nuntun pikiran sarta langkah panjenengan, satunggaling dinten mangke, langkung Pangandikanipun, Kitab Suci. “Aku arep mulang marang kowe, dah weruhake dalan kang wajib kok ambah; aku arep mituturi kowe, mripatku tumuju marang kowe” (Jabur 32:8). “Jaman tentrem bakal nekani kowe; kasugihan kang marakake slamet iku kawicaksanan lan kawruh; wedi asih marang Sang Yehuwah, iku kang dadi rajabranane Sion” (Yesaya 33:6). Wonten ing Sang Kristus, panjenengan tetep badhe gadhah sesanggen, nanging samangke panjenengan kagungan PANGAJENG-AJENG. Panjenenganipun punika “Ana kanca kang marakake sangsara, nanging uga ana mitra kang rumakete ngungkuli sadulur” (Wulang Bebasan 18:24). Mugi sih-rahmatipun Gusti Yesus wontena ing wekdal panjenengan mendhet pancasan.

Manawi panjenengan kepengin pitados Gusti Yesus dados Juruwilujeng panjenengan, sumangga ngucapaken tembung-tembung punika dhumateng Gusti Allah ing salebeting manah panjenengan. “Dhuh Gusti, kawula perlu Paduka ing gesang kawula. Mugi paring pangapunten dhumateng kawula tumrap sadaya ingkang sampung kawula tindakaken. Kawula masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Gusti Yesus Kristus sarta pitados bilih Panjenenganipun punika Juruwilujeng kawula. Mugi ngresiki kawula, maluyakaken kawula, sarta ndandosi kabingahaning gesang kawula. Maturnuwun Paduka ngasihi kawula sarta Gusti Yesus sampun seda tumrap kawula.”

Punapo panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” ing ngandap.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kenging punapa kula boten kaparengaken nglalu?