Punapa tiyang Kristen kedah nuhoni toret ing Prajanjian Lawas?




Pitaken: Punapa tiyang Kristen kedah nuhoni toret ing Prajanjian Lawas?

Wangsulan:
Kunci kangge mangertosi bab punika inggih punika nyumurupi bilih angger-angger ing Prajanjian Lawas kaparingaken dhateng bangsa Israel, sanes kangge tiyang Kristen. Sawetas saking angger-angger kalawau kangge damel tiyang Israel sumerep kadospundi nuhoni sarta manawi Gusti Allah marengaken (Pepaken sadasa contonipun), sawetawisipun kangge nedahaken kadospundi ngabekti/nyembah Gusti Allah (cara ngaturi kurban), sawetawisipun saestu kangge ndadosaken bangsa Israel benten saking bangsa sanes (tatanan bab tetedhan lan pangangge). Boten wonten toret Prajanjian Lawas ingkang kapatrapaken dhateng kita ing wekdal samangke. Nalika Gusti Yesus seda wonten ing kajeng salib, Panjenenganipun mungkasi toret saking Prajanjian Lawas (Rum 10:4; Galatia 3:23-25; Efesus 2:15).

Minangka gantosing angger-angger Prajanjian Lawas, kita wonten ing wewengkoning pepakenipun Sang Kristus (Galatia 6:2) ingkang surasoipun : “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe. Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe. Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau” (Matius 22:37-40). Manawi kita nglampahi kalih bab punika, kita sami nindakaken punapa ingkang Sang Kristus kersakaken, “Amarga katresnan marang Gusti Alah iku wujude yaiku, yen kita padha netepi ing pepakone. Pepakon-pepakone iku ora abot” (1 Yokhanan 5:3). Sacara teknis, pepaken sadasa punika boten namung kaangge tumrap tiyang Kristen kemawon. Kadospundia, sanga (9) saking sadasa (10) pepaken punika kawangsuli malih wonten ing Prajanjian Anyar (sadaya kajawi pepaken bab nglampahi dinten Sabat). Cethanipun, manawi kita ngasihi Gusti Allah kita temtu boten badhe nyembah allah-allah sanes utawi nyembah brahala. Manawi kita ngasihi sesami kita, kita temtu boten badhe mejahi, nyidrani, tumindak sedheng dhateng sesami kita, utawi meri kaliyang punapa ingkang dipun darbeni sesami kita. Dados, kita boten wonten ing sangandhaping sarat-sarat, angger-angger ing Prajanjian Lawas. Kita ngasihi Allah sarta ngasihi sesami kita. Manawi kita nindakaken kalih bab kalawau kanthi kebak ing kapitadosan, sadaya bab sanesipun badhe kawuwuhaken.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa tiyang Kristen kedah nuhoni toret ing Prajanjian Lawas?