Punapa punika pandonganing tiyang dosa?




Pitaken: Punapa punika pandonganing tiyang dosa?

Wangsulan:
Pandonganing tiyang dosa inggih punika pandonganing pribadi ingkang ndedonga dhumateng Gusti Allah nalika tiyang wau mangertos bilih piyambakipun punika tiyang dosa lan mbetahaken Juruwilujeng. Ngucapaken pandonganing tiyang dosa mboten bade ngampungaken prakawis ingkang kasandang. Pandonganing tiyang dosa namung saged ngasilaken manawi saestu ngunjukaken punapa ingkang dipun sumerepi, mangertosi, lan dipun pitados bab karisakanipun lan mbetahaken kawilujengan.

Wawasan kapisan pandonganing tiyang dosa inggih punika pangertosan bilih kita sadaya tiyang dosa. Rum 3:10 nyuraosaken, “Iya kaya kang wus katulisan, wiraose: “Ora ana wong kang bener, siji bae ora ana.” Kitab Suci sampun medharaken kanthi cetha bilih kita sadaya dosa. Kita sadaya tiyang dosa ingkang perlu sih-rahmat lan pangapunten saking Gusti Allah (Titus 3:5-7). Karana dosa kita, kita pantes nampi paukuman langgeng (Matius 25:46). Pandonganing tiyang dosa punika nyuwun piwelas kangge gantosing pangadilan. Panyuwun sih-rahmat kangge gantosing duka.

Wawasan kaping kalih pandonganing tiyang dosa punika saserepan tumprap punapa ingkang sampun katindakaken Gusti Allah satemah maluyakaken kita saking kawontenan kebak ing dosa lan nyasar. Gusti Allah manjelma kadagingan lan dados manungsa wonten ing Pribadi Yesus Kristus (Yokhanan 1:1,14). Yesus mucal kita bab kayektosaning Gusti Allah lan gesang wonten ing margining kayektosan sacara sampurna sarta gesang tanpa dosa (Yokhanan 8:46; 2 Korinta 5:21). Yesus lajeng seda wonten ing kajeng salib nggantosaken kita, nanggel paukuman ingkang pantesipun kita tanggel (Rum 5:8). Yesus wungu saking seda supados mbuktekaken kamenanganipun tumprap dosa, pejah, sarta neraka (Kolose 2:15; 1 Korinta bab 15). Karana sadaya punika wau, kita saged nampeni pangapuntening dosa sarta kaparingan prajanji wisma langgeng ing Swarga – menawi kita sami purun masrahaken kapitadosan kita wonten ing Yesus Kristus. Kita sadaya kedah pitados bilih sedanipun sarta wungunipun Gusti Yesus saking seda kangge nggantosi kita (Rum 10:9-10). Kita saged kawilujengaken sarana sih-rahmat piyambak, lumantar kapitadosan piyambak, wonten ing Yesus Kristus piyambak. Efesus 2:8 nyuraosaken, “Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iki saka sih-rahmat marga pracay; lan iku dudu wohing pambudidaya-mu, nanging peparinge Gusti Allah.”

Ngucapaken pandonganing tiyang dosa punika cara ingkang prasaja matur dhumateng Gusti Allah bilih panjenengan sumende wonten ing Yesus Kristus ingkang dados Juruwilujeng panjenengan. Mboten wonten tembung ingkang “gaib” ingkang dados dasaring kawilujengan. Namung kapitadosan dhumateng sedanipun Gusti Yesus sarta wungunipun ingkang saged milujengaken kita. Menawi panjenengan mangertos bilih panjenengan punika tiyang dosa lan perlu kawilujengaken lantaran Yesus Kristus, punika conto pandonganing tiyang dosa ingkang saged panjenengan aturaken dhumateng Gusti Allah: “Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula tiyang dosa. Kawula sumerep bilih kawula pantes nampeni paukumaning dosa kawula. Ewa samanten, kawula yakin bilih Yesus Kristus punika Juruwilujeng kawula. Kawula pitados bilih sedanipun lan wungunipun Gusti Yesus kaparingaken tumprap pangapuntening dosa kawula. Kawula pitados wonten ing Gusti Yesus sarta Yesus piyambak ingkang dados Gusti lan Juruwilujeng pribadi kawula. Matur-nuwun Gusti, dene milujengaken lan paring pangapunten dhumateng kawula. Amin!”

Punapo panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” ing ngandap.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa punika pandonganing tiyang dosa?