Punapa Kakristenan punika lan punapa kapitadosan Kristen punika?




Pitaken: Punapa Kakristenan punika lan punapa kapitadosan Kristen punika?

Wangsulan:
1 Korinta 15:1-4 nyariosaken, “Para sedulur, ing saikine aku arep ngelingake bab Injil kang wus dak wartakake marang kowe, kang iya wus padha kok tampani, lan uga kok antepi. Iya Injil iku kang dadi margane kowe padha kapitulungan rahayu, anggere kowe padha mantep anggonmu ngugemi, kaya kang wus dakwartakake marang kowe: kajaba ta yen anggonmu padha manjing pracaya iku mung nglaha bae. Sabab kang wigati dhewe wus dak luntakake marang kowe, iya kaya kang wus daktampani dhewe, yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasane Kitab Suci manawa Panjenengane wus kasarekake, sarta ing telung dinane wus kawungokake, cundhuk karo surasaning Kitab Suci”.

Cekakipun, punika kapitadosan ing Kakristenan. Kakristenan punika gadhah ciri piyambak ing antawisipun sadaya kapitadosan sanes, awit Kakristenan punika langkung saking sesambetan, langkung (sae) katimbang kasunyataning agama. Minangka gantosing kasetyan tumrap daftaring “tumindaka lan sampun katindakaken,” tujuaning tiyang Kristen inggih punika ngupados mlampah celak kaliyan Gusti Allah Sang Rama. Sesambetan punika kadamel saged awit pakaryaning Yesus Kristus, sarta paladosan ing salebeting gesanging tiyang Kristen saking Roh Suci.

Tiyang Kristen pitados bilih manungsa katitahaken sacara khusus nggadhahi sesam-betan kaliyang Gusti Allah, nanging dosa punika misahaken sadaya tiyang saking Gusti Allah (Rum 5:12, Rum 3:23). Kakristenan mucalaken bilih Yesus Kristus sampun rawuh ing jagad punika, Gusti Allah ingkang sajatos, lan ugi manungsa sajatos (Filipi 2:6-11), sarta seda wonten ing kajeng salib. Tiyang Kristen pitados bilih sasampunipun Pajenenganipun seda ing kajeng salib, Kristus kasarekaken, Panjenenganipun wungu malih, lan sapunika pinarak ing satengenipun Sang Rama, dados lantaran tumrap tiyang pitados ing salaminipun (Ibrani 7:25). Kakristenan mratelakaken bilih sedanipun Gusti Yesus wonten ing kajeng salib sampun cekap kangge ngluwari utanging sadaya manungsa sarta punika kangge mbangun malih sesambetan antawisipun Gusti Allah lan manungsa ingkang sampun risak (Ibrani 9”11-14, Ibrani 10:10, Rum 6:23, Rum 5:8).

Supados wilujeng, sok sintena kedah masrahaken sadaya kapitadosanipun wonten ing pakaryanipun Sang Kristus ing kajeng salib. Manawi satunggaling tiyang pitados bilih Kristus seda karana kawontenanipun lan kangge ngluwari dosanipun tiyang kalawau, sarta wungu malih, mila tiyang kalawau kawilujengaken. Boten wonten samukawis ingkang saged nggayuh kawilujengan. Boten wonten tiyang ingkang “cekap sae” kangge ngremenaken Gusti Allah, awit sadaya saking kita punika dosa (Yesaya 64:6-7, Yesaya 53:6). Ingkang kaping kalih, boten wonten samukawis ingkang saged katindakaken malih, awil Kristus sampun ngrampungaken sadaya pakaryan! Nalika Panjenenganipun wonten ing salib, Gusti Yesus ngandika, “Wus rampung” (Yokhanan 19:30).

Awit boten wonten satunggala samukawis ingkang saged katindakaken kangge nggayuh kawilujengan, sepisan malih tiyang kedah masrahaken kapitadosanipun ing pakaryanipun Sang Kristus ing kajeng salib, ugi boten wonten samukawis ingkang saged katindakaken kangge ngicalaken kawilujenganipun. Enget, pakaryan sampun katindakaken lan kalunasi dening Sang Kristus! Boten wonten samukawis bab kawilujengan ingkang katanggelaken ing atasipun tiyang ingkang nampeni! Yokhanan 10:27-29 nyuraosaken “Wedhus-wedhusku padha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetutburi Aku, apadene padha Dakwenehi uriplanggeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu. RamaKu kang maringake wedhus-wedhus iki marang tanganKu, iku kaluhurane ngungkuli samubarang kabeh, lan ora ana kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing astane RamaKu.

Sawetawis tiyang mboknamawi gadhah pamanggih, “Iki becik—yen aku wis dislametake, aku bisa tumindak apa sing dak senengi, lan ora kelangan kaslametanku!” Nanging kawilujengan punika sanes bab kamardikan kangge tumindak ing sasenengipun. Kawilujengan ndadosaken kamardikan saking ngladosaken dosa ingkang rumiyin, sarta ndadosaken kamardikan kangge nggayuh sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti Allah. Salaminipun tiyang pitados gesang wonten jagad punika ing salebeting badanipun ingkang kebak dosa, badhe wonten perjuangan ingkang terus-menerus kangge dosa. Gesang ing salebeting dosa punika ngalang-alangi sesambetan ingkang Gusti Allah padosi kaliyan manungsa, sarta salaminipun tiyang gesang ing salebeting dosa minangka tiyang pitados, piyambakipun boten badhe ngraosaken sesambetan ingkang dipun kersakaken Gusti Allah kaliyan manungsa. Mila saking punika, tiyang Kristen saged nggadhahi kamenangan ing atasipun perjuangan lumawan dosa awit saking sinau lan migunakaken Pangandikaning Gusti Allah (Kitab Suci) ing salebeting gesangipun, sarta dipun tuntun dening Roh Suci—inggih punika manut ing pangrehing Roh Suci lan katuntun ing sadaya kawontenan saben dinten, lan lumantar Roh Suci manut miturut ing Pangandikanipun Gusti Allah.

Mila, sanadyan kathah cara agama sanes mbetahaken bab ingkang tiyang mesthi nindakaken utawi boten nindakaken samukawis, Kakristenan inggih punika bab nggadhahi sesambetan kaliyan Gusti Allah. Kakristenan punika bab kapitadosan bilih Sang Kristus sampun seda ing kajeng salib kangge ngluwari dosa panjenengan piyambak, lan wungu malih. Utang dosa panjenengan kabayar lan panjenengan saged nggadhahi sesambetan kaliyan Gusti Allah. Panjenengan saged gadhah kamenangan ing atasipun dosa katurunan lan lumampah ing salebeting sesambetan sarta manut miturut ing Gusti Allah. Punika Kakristenan ingkang leres miturut Kitab Suci.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Kakristenan punika lan punapa kapitadosan Kristen punika?